Thursday, December 31, 2020

V. No. 1. KAWRUH JAWA ( ARANING ANAK ; UWONG ; SÊBUTAN ; SÊDULUR ; KÉWAN ; UWOH ; UWIT ; GODHONG ; KÊMBANG ; PÊNTIL ; WIJI ; PAPAN ; PAGAWÉYAN )

 Kawruh Jawa  :

1.1.  Araning Anak Uwong :

   1. Ontang-anting ---> anak 1 lanang
   2. Unting-unting ---> anak 1 wadon
   3. Ugêr-ugêr lawang ---> anak loro 
        lanang kabèh
   4. Kêmbang sêpasang ---> anak loro 
        wadon kabèh
   5. Cukit/cukil dulit ---> anak 3 lanang 
        kabèh
   6. Gotong mayit ---> 3 wadon kabèh
   7. Saramba ---> anak 4 lanang kabèh
   8. Sarimpi ---> anaj 4 wadon kabèh
   9. Pandhawa ---> anak 5 lanang kabèh
 10. Pêndhawi/Pancagati ---> anak 5 
        wadon kabèh
 11. Kêdhana-kêdhini ---> anak 2 lanang,
        wadon
 12. Kêdhini-kêdhana ---> anak loro 
        wadon, lanang
 13. Pancuran kapit sêndhang ---> anak 3 
        wadon, lanang, wadon
 14. Sêndhang kapit pancuran ---> anak 3 
        lanang, wadon, lanang
 15. Kéblat papat ---> anak 4 lanang, 
        wadon, lanang wadon
 16. Sêpasar ---> 5 lanang, wadon
 17. Ipil-ipil/Pipilan ---> anak 5 lanang 1
 18. Padangan ---> anak 5 wadon 1
 19. Pandhawa nyandhangi ---> 6 
       wadon 1 waruju
 20. Kêmbar dhampit ---> anak 2 lanang 
       wadon lair barêng
 21. Kêmbar ---> anak luwih saka 1 lair 
       barêng lanang wadon, lanang kabèh, 
       wadon kabèh
 22. Grandhèl ---> anak pirang-pirang
       sing waruju wadon utawa suwaliké
 23. Géndhong ---> anak lanang pirang-
        pirang sing têngah wadon
 24. Pathok ---> anak wadong pirang-
        pirang, sing têngah lanang
 25. Sumarak ---> anak pirang-pirang, 
       sing lanang luwih akèh
 26. Gilir kacang ---> anak pirang-pirang, 
        gilir lanang wadon
 27. Dhampit ---> kêmbar lanang wadon
 28. Gondhang kasih ---> anak loro siji 
        bulé siji irêng
 29. Kalung usus ---> anak lair kagubêd 
       usus
 30. Lumpat kidang ---> anak pirang-
        pirang ora giliran lanang wadon
 31. Anggana ---> anak pirang-pirang urip 
        siji
 32. Pêmbarêp ---> anak nomer 1
 33. Panggulu ---> anak nomer 2
 34. Pandhadha ---> anak nomet 3
 35. Sumèndhi ---> kakang wuragil
 36. Waruju ---> wuragil
 37. Panênggak ---> anak kabèh 5, sing 
        nomêr 2
 38. Panêngah ---> anak 
        kabèh 5, sing nomêr 3
 39. Julung Caplok ---> bocah lair 
        barêng surup srêngéngé
 40. Julung Kêmbang ---> bocah lair, 
        barêng plêthèking srêngéngé
 41. Julung Sarab ---> bocah lair 
        ngarêpaké surup srêngéngé
 42. Julung Sungsang ---> bocah lair 
        wayah bêdhug awan
 43. Jêmpina ---> bocah lair durung 
        wanciné
 44. Margana ---> bocah lair pinuju ibuné 
        lêlungan
 45. Wahana ---> bocah lair pinuju ibuné 
        ing pasamuan
 46. Wuyungan ---> bocah lair pinuju ana 
        pêrang/gègèran
 47. Konduran ---> bocah lair, ibuné séda
 48. Thok-thing ---> bocah lair sirahé cilik
 49. Sumala ---> bocah lair cacat saka jêro
 50. Sungsang ---> bocah lair sikilé dhisik
 51. Yatim ---> bocah lair, mung mênangi 
        bapaké
 52. Lola ---> bocah ora duwé rama biyung

                            -- wjg --




 1.2.  Arané Sêbutan Turun :

   A :  Urut Mudhun :

  1. Anak  --- =  ꦲꦤꦏ꧀

  2. Putu  --- =  ꦥꦸꦠꦸ 

  3. Buyut  --- =  ꦧꦸꦪꦸꦠ꧀

  4. Canggah --- = ꦕꦁꦒꦃ

  5. Warèng  --- = ꦮꦫꦺꦁ

  6. Udhêg-Udhêg --- = ꦲꦸꦝꦼꦒ꧀ꦲꦸꦝꦼꦒ꧀

  7. Gatung siwur --- =  ꦒꦤ꧀ꦠꦸꦁꦱꦶꦮꦸꦂ 

  8. Gropak sénthé --- = ꦒꦿꦺꦴꦥꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦛꦺ 

  9. Dêbog bosok --- =
                                     ꦢꦼꦧꦺꦴꦒ꧀ꦧꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ 

10. Galih asêm --- = ꦒꦭꦶꦃꦲꦱꦼꦩ꧀ 

11. Gropak waton --- = ꦒꦿꦺꦴꦥꦏ꧀ꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ 

12. Cêndhêng --- = ꦕꦼꦤ꧀ꦝꦼꦁ

13. Giyêng --- =  ꦒꦶꦪꦼꦁ

14. Cumplê --- =  ꦕꦸꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦼ 

15. Amplêng --- =  ꦲꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦼꦁ

16. Mênyaman --- = ꦩꦼꦚꦩꦤ꧀ 

17. Mênya-mênya --- = ꦩꦼꦚꦩꦼꦚ 

18. Trah-tumêrah --- = ꦠꦿꦃꦠꦸꦩꦼꦫꦃ

                    -- wjg --



    B.  Urut Munggah :

  1. Trah-tumêrah --- =  ꦠꦿꦃꦠꦸꦩꦼꦫꦃ 

  2. Mênya-mênya --- = ꦩꦼꦚꦩꦼꦚ 

  3. Mênyaman --- = ꦩꦼꦚꦩꦤ꧀ 

  4. Amplêng --- = ꦲꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦼꦁ

  5. Cumplê --- = ꦕꦸꦩ꧀ꦭꦼ 

  6. Giyêng --- = ꦒꦶꦪꦼꦁ

  7. Cêndhêng --- = ꦕꦼꦤ꧀ꦝꦼꦁ

  8. Gropak waton --- = ꦒꦿꦺꦴꦥꦏ꧀ꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ 

  9. Galih asêm --- = ꦒꦭꦶꦃꦲꦱꦼꦩ꧀ 

10. Dêbog bosok --- =
                                      ꦢꦼꦧꦺꦴꦒ꧀ꦧꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ 

11. Gropak sénthé --- = ꦒꦿꦺꦴꦥꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦛꦺ 

12. Gantung suwur --- = ꦒꦤ꧀ꦠꦸꦁꦱꦶꦮꦸꦂ 

13. Udhêg-Udhêg --- = ꦗꦸꦝꦼꦒ꧀ꦲꦸꦝꦼꦒ꧀ 

14. Warèng --- = ꦮꦫꦺꦁ 

15. Canggah --- = ꦕꦁꦒꦃ 

16. Buyut --- = ꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ 

17. Êmbah --- = ꦲꦼꦩ꧀ꦧꦃ 

18. Rama-Biyung --- = ꦫꦩꦧꦶꦪꦸꦁ 

19. Anak --- = ꦲꦤꦏ꧀


                        -- wjg --



  1.3.  Arané Sêbutan Uwong :

  1. Jaka ---> bocah lanang déwasa 
       durung rabi
  2. Jaka lara ---> bojo kawitan
  3. Jaka jêbug ---> jaka tuwa
  4. Dhudha ---> wong lanang wis ora 
      duwé bojo
  5. Dhudha kêmbang ---> dhudha ênom 
      ora duwé anak
  6. Dhudha kawuk ---> dhudha tuwa
  7. Dhudha bangsong ---> dhudha mlarat 
      anaké akèh
  8. Dhudha kalung ---> dhudha duwé 
       anak wadon bisa ngopèni
  9. Kaki-kaki ---> wong lanang tuwa 
      bangêt
10. Prawan ---> bocah wadon déwasa 
      durung rabi
11. Prawan sunthi ---> prawan kêncur
12. Prawan gêndor ---> prawan kasèp
13. Randha ---> wong wadon wis ora 
      duwé bojo
14. Randha tanggung ---> randha ênom
15. Randha kêmbang/wulanjar
       ---> randha ênom durung duwé anak
16. Randha kisi ---> randha duwé anak 
       lanang
17. Randha kasihan ---> randha mlarat 
       anaké akèh
18. Randha kèringan ---> randha sugih
19. Nini-nini ---> wong wadon tuwa 
       bangêt
20. Nyai/Nyi ---> wong wadon sing diajèni

                          -- wjg --




   1.4.  Prênahé Sêdulur :

  1. Anak angkat ---> bocah liya sing 
      diakoni anak
  2. Anak kuwalon ---> anak gawané bojo
  3. Anak mantu ---> bojoné anak
  4. Bapak/Ibu angkat ---> wong liya sing 
      ngakoni anak
  5. Bapak kuwalon ---> bapak sambungan
  6. Bésan ---> wong tuwané bapak/ibu
  7. Budhé/bupuh/uwa ---> mbakyuné 
       bapak/ibu
  8. Bulik/bibi ---> adhiné bapak/ibu
  9. Ibu kuwalon ---> ibu sambungan
10. Ipé ---> sêduluré bojo
11. Kêponakan ---> anaké sêdulur tuwa
12. Maratuwa ---> wong tuwané bojo
12. Misanan ---> sêdulur tunggal êmbah
13. Mindhoan ---> sêdulur tunggal buyut
15. Pakdhé ---> kakangé bapak/ibu
16. Paklik/paman ---> adhiné bapak
17. Plunan ---> anaké sêdulur ênom
18. Putu ---> anaké anak
19. Putu kêponakan ---> anaké kêponakan
20. Sadulur ---> tunggal bapak ibu
21. Sadulur asu ---> sadulur tunggal ibu 
       séjé bapak
22. Sadulur kuwalon ---> sadulur séjé 
       bapak tunggal ibu
23. Tunggal banyu ---> sadulur 
       tunggal guru
24. Tunggal wêlad ---> sadulur tunggal 
       bapak ibu

                         -- wjg --



  2.1.  Arane Anak Kéwan :

  1. Anak ampal ---> êmbung
  2. Anak angrang ---> kroto
  3. Anak asu ---> kirik
  4. Anak ayam ---> kuthuk
  5. Anak babi ---> gêmbluk/gêmblak
  6. Anak bandêng ---> nènèr
  7. Anak banthèng ---> warèng
  8. Anak banyak ---> blêngur
  9. Anak baya ---> rété/krété
10. Anak bèbèk ---> mêri
11. Anak bêthik ---> mèntèr
12. Anak blanak ---> sêndha
13. Anak brati ---> tongki
14. Anak budhêng ---> kowé
15. Anak bulus ---> kêthul
16. Anak cacing ---> lur
17. Anak cecak ---> sawiyah
18. Anak celeng ---> gênjik
19. Anak coro ---> mèndhèt
20. Anak dara ---> piyik
21. Anak dhorang ---> tampèr
22. Anak êmprit ---> indhil
23. Anak gagak ---> êngkak
24. Anak gaah ---> blêdug
25. Anak gangsir ---> clondho
26. Anak garangan ---> rasé
27. Anak garèngpung ---> drungkuk
28. Anak gêmak ---> drigul
29. Anak glathik ---> cêcrêkan
30. Anak gundhik ---> laron + rayap
31. Anak iwak ---> béyong
32. Anak jangkrik ---> gêndholo
33. Anak jaran ---> bêlo
34. Anak kadhal ---> tobil
35. Anak kakap ---> caplèk
36. Anak kalajengking ---> kêtupa
37. Anak kancil ---> kênthi
38. Anak kêbo ---> gudèl
39. Anak kêcapung ---> jênthit
40. Anak kêmagga ---> cêriwi
41. Anak kêpik ---> mrêki
42. Anak kidang ---> komprèng
43. Anak kimar ---> kédah
44. Anak kinjêng ---> sênggrutu
45. Anak kinjêng dom ---> undur-undur
46. Anak kintêl ---> kênthus
47. Anak kêthèk ---> munyuk
48. Anak kodhok ---> prêcil
49. Anak kombang ---> êngkuk
50. Anak konang ---> éndrak
51. Anak krêmi ---> racêk
52. Anak kucing ---> cêmèng
53. Anak kul/kéyong ---> krikik
54. Anak kupu ---> ulêr
55. Anak kura ---> laos
56. Anak kutuk ---> kotésan/béyongan
57. Anak kwangwung ---> gêndhot
58. Anak lalêr ---> sèt/singgat
59. Anak lamuk ---> jênthik
60. Anak lawa ---> kamprèt
61. Anak lélé ---> jabrisan
62. Anak lêmut ---> ugêt-ugêt
63. Anak lintah ---> pacêt
64. Anak lingsang ---> bèlès
65. Anak lodan ---> jêngkélong
66. Anak lutung ---> kênyung
67. Anak luwak ---> kuwuk
68. Anak luwing ---> gonggo
69. Anak macan ---> gogor
70. Anak manuk ---> piyik
71. Anak mênjangan ---> komprèng
72. Anak ménthok ---> minthi/èndhèl
73. Anak mêrak ---> uncung
74. Anak nyambik ---> slira
75. Anak pitik ---> kuthuk
76. Anak pêlus ---> sidhat
77. Anak pé ---> gényong
78. Anak plêting ---> jaringan
79. Anak sapi ---> pêdhèt
80. Anak sêmbilang ---> lèngèr
81. Anak singa ---> dibal
82. Anak tambra ---> bokol
83. Anak tawon ---> gana
84. Anak têkèk ---> cêlolo
85. Anak tikus ---> cindhil
86. Anak tongkol ---> cêngkik
87. Anak tuma ---> kor
88. Anak ula ---> kisi/ucêt
89. Anak urang ---> grago
90. Anak wadêr ---> sriwêt
91. Anak wagal ---> jêndhil
92. Anak walang ---> dhogol
93. Anak warak ---> plêncing
94. Anak wêdhus ---> cêmpé
95. Anak wêlut ---> udhèt
96. Anak yuyu ---> bèyès.

                    -- wjg --



    3.1.  Arané Godhong :

   1. Godhong arèn ---> dliring
   2. Godhong asêm ---> sinom
   3. Godhong cocor bèbèk ---> tiba urip
   4. Godhong dhadhap ---> tawa
   5. Godhong gêdhang ênom ---> pupus
   6. Godhong gêdhang tuwa ---> ujungan
   7. Godhong gêdhang garing ---> klaras
   8. Godhong gêbang ---> kajang
   9. Godhong jambé ---> pracat/dêdêl
10. Godhong jarak ---> blêdhèg
11. Godhong jarak kêbo ---> lomah-lamèh
12. Godhong jati ---> jompong
13. Godhong kacang brol ---> rèndèng
14. Godhong kacang lanjaran ---> 
       lêmbayung
15. Godhong katès ---> gamplêng
16. Godhong kimpul/talês ---> lumbu
17. Godhong kêcipir ---> cêthèthèt
18. Godhong kélor ---> limaran/sapu jagat
19. Godhong kêmladéyan ---> kumuda
20. Godhong kluwih ---> kléyang
21. Godhong krambil ênom ---> janur
22. Godhong krambil tuwa ---> blarak
23. Godhong lêmpuyang ---> lirih
24. Godhong lombok --->
       sabrang/sobrang
25. Godhong mlinjo ---> êso
26. Godhong pari ---> damèn
27. Godhong pring ---> êlarmanyura
28. Godhong randhu ---> baladéwa
29. Godhong siwalan ---> lontar
30. Godhong têbu têlês ---> momol
31. Godhong têbu garing ---> rapak
32. Godhong téla ---> jlégor
33. Godhong turi ---> pêthuk
34. Godhong waluh ---> lomah-lamèh
35. Godhong widara putih ---> trawas
36. Godhong wuni ---> mojar

                        -- wjg --



   3.2.  Arané Kêmbang :

  1. Kêmbang arèn ---> dangu
  2. Kêmbang blimbing ---> maya
  3. Kêmbang blutru ---> montro
  4. Kêmbang cêngkèh ---> polong
  5. Kêmbang cubung ---> torong
  6. Kêmbang dhadhap ---> cêlung
  7. Kêmbang durèn ---> dlongop
  8. Kêmbang ganyong ---> puspanyidra
  9. Kêmbang garut ---> gramêng
10. Kêmbang gêbang ---> krandhing
11. Kêmbang gêdhang ---> tuntut/ontong
12. Kêmbang gembili ---> sênêng
13. Kêmbang jagung ---> sinuwun/jêprak
14. Kêmbang jambé ---> mayang
15. Kêmbang jambu ---> karuk
16. Kêmbang jarak ---> juwis
17. Kêmbang jati ---> jangglêng/apa
18. Kêmbang jéngkol ---> kêcuwis
19. Kêmbang kacang ---> bêsêngut
20. Kêmbang kanthil ---> gadhing
21. Kêmbang kapas ---> kadi
22. Kêmbang kara ---> kêpèk
23. Kêmbang kecipir ---> cêthèthèt
24. Kêmbang kélor ---> limaran
25. Kêmbang kêmlandhingan ---> 
       jêdhidhing
26. Kêmbang kêncur ---> sèdhêt
27. Kêmbang kimpul ---> pancal
28. Kêmbang kluwih ---> ontèl
29. Kêmbang kopi ---> blanggrèng
30. Kêmbang krambil ---> manggar
31. Kêmbang krokot ---> nakinik
32. Kêmbang lamtara ---> jêdhidhing
33. Kêmbang lombok ---> mênik
34. Kêmbang mlinjo ---> ucêng/kroto
35. Kêmbang nangka ---> angkup
36. Kêmbang nipah ---> dongong
37. Kêmbang pandhan ---> pudhak
38. Kêmbang pacé ---> sarwèntèh
39. Kêmbang peté ---> pêndul
49. Kêmbang pohung ---> ingklik
41. Kêmbang pring ---> krosak
42. Kêmbang randhu ---> karuk
43. Kêmbang salak ---> kêthêkêr
44. Kêmbang suruh ---> drèngès
45. Kêmbang tales ---> pancal
46. Kêmbang tebu ---> glêgês
47. Kêmbang timun ---> montro
48. Kêmbang widara putih ---> rêjasa

                      -- wjg --



 3.3.   Arané Pêntil :

01. Pêntil asêm ---> cêmpaluk
02. Pêntil jagung ---> jatèn/putrèn
03. Pêntil jambé ---> blêbêr
04. Pêntil jambu ---> karuk
05. Pêntil kacang ---> bêsêngut
06. Pêntil krambil ---> bluluk
07. Pêntil manggis ---> blibar
08. Pêntil nangka ---> babal
09. Pêntil pêlêm ---> pêncit
10. Pêntil randhu ---> plêncing
11. Pêntil sêmangka ---> plonco
12. Pêntil mlinjo ---> kroto
13. Pêntil timun ---> sêrit

                         -- wjg --



   3.4.  Arané Uwoh :

  1. Uwoh arèn ---> kolang-kaling
  2. Uwoh bêngkowang ---> bêsusu
  3. Uwoh cêngkèh ---> polong
  4. Uwoh gêbang ---> krandhing
  5. Uwoh gêmbili ---> katak
  6. Uwoh jati ---> jangglêng
  7. Uwoh kanthil ---> gandhèk
  8. Uwoh kélor ---> klénthang
  9. Uwoh kêsambi ---> kêcacil
10. Uwoh kluwêk ---> pocung
11. Uwoh pandhan êri ---> padhaga
12. Uwoh so ---> mlinjo
13. Uwoh tal ---> siwalan
14. Uwoh turi ---> klénthang
15. Uwoh uwi ---> katak
16. Uwoh widara putih ---> anyang

                     -- wjg --



   3.5.   Arané Isi / Wiji  :

  1. Isi asêm ---> klungsu
  2. Isi cipir ---> botor
  3. Isi durèn ---> ponggé
  4. Isi jambé ---> jêbug
  5. Isi kapas ---> wuku
  6. Isi katès ---> trémpos
  7. Isi kluwek ---> pocung
  8. Isi kluwih ---> bêthêm
  9. Isi krambil ---> kênthos
10. Isi mlinjo ---> klathak
11. Isi nangka ---> bêton
12. Isi pêlêm ---> pêlok
13. Isi randhu ---> klênthêng
14. Isi salak ---> kênthos/gécol
15. Isi sawo ---> kêcik
16. Isi sêmangka ---> kuwaci

                    -- wjg --



   3.6.   Arané Uwit :

  1. Uwit arèn ---> ruyung
  2. Uwit gêdhang ---> dêbog
  3. Uwit jagung ---> têbon
  4. Uwit jambé ---> pucang
  5. Uwit kacang ---> rèndèng
  6. Uwit kapuk ---> randhu
  7. Uwit krambil ---> glugu
  8. Uwit mlinjo ---> êso
  9. Uwit pari ---> damèn
10. Uwit pohong ---> bonggol
11. Uwit pring ênom ---> bung
12. Uwit pring tuwa ---> bungkilan
13. Uwit siwalan ---> tal/bogor
14. Uwit téla ---> lung

                           -- wjg --



 4.1.  Arané Papan/Panggonan : 

    1. Alas ---> panggonan thêthukulan lan 
         papan uripé kéwan umbaran
    2. Alun-alun ---> papan amba ing 
         satêngahing kutha.
    3. Babadan ---> papan kang wis
        dibabadi
    4. Balapan ---> panggonan kanggo adu 
        balap
    5. Balé mangu ---> panggonan kanggo 
        ngadili wong luput.
    6. Bango ---> panggonan kanggo 
        dodolan
    7. Bangsal ---> papan kanggo 
        pasamuan
    8. Bêsalèn ---> papan kanggo mandhé
    9. Bètèng ---> témbok dhuwur kanggo 
        nahan mungsuh
  10. Bong ---> kuburan cina
  11. Bothékan ---> wadhah jamu/bumbu 
         masak
  12. Bubat ---> panggonan kanggo adu 
        samubarang
  13. Cangkruk ---> papan kanggo jaga 
         kampung
  14. Clunthang ---> wadhah jangkrik
  15. Éndhong ---> wadhah panah
  16. Épok ---> wadhah kinangan
  17. Êsong ---> growongan kanggo papan 
         landhak
  18. Gadhèn ---> papan kanggo 
         nggadhèkaké barang
  19. Gayor ---> papan kanggo nggantung 
         gong
  20. Gêdhogan ---> kandhang jaran
  21. Gêdhong ---> omah gêdhé kanggo 
         pasamuan
  22. Gêrdhu ---> papan kanggo jaga
  23. Glodhogan ---> kanggo omah tawon
  24. Gowok ---> growongan ing uwit 
         kanggo nyusuh manuk
  25. Gréja ---> papan ibadah agama 
         Nasrani
  26. Grobog ---> kothak kayu kanggo 
         nyimpên barang
  27. Gubug ---> omah cilik papan njaga 
         têtanduran
  28. Gudhang ---> papan nyimpên barang
  29. Gupit mandragini ---> papan kanggo 
         saré ratu
  30. Hotèl ---> papan séwan panginêpan
  31. Iyan ---> wadhah kanggo ngêlèr sêga
  32. Jodhang ---> grobog sing dipikul isi 
         warna-warna panganan
  33. Jumblêng ---> papan kanggo 
         bêbuwang rêrêgêd
  34. Jun ---> wadhah banyu kanggo 
         ngangsu
  35. Kabupatèn ---> dalemé Bupati
  36. Kadhaton ---> dalemé ratu
  37. Kandhang ---> papan kanggo ngingu 
         kéwan
  38. Kanthong ---> sak klambi/cêlana
  39. Kanthongan ---> piranti wadhah 
        barang
  40. Kantor ---> papan nyambut gawé 
         ngurusi samubarang kêpêrluan
  41. Klênthèng ---> papan ibadah Cina
  42. Klênthing ---> wadhah banyu kanggo 
         ngangsu
  43. Kombong ---> kandhang bèbèk, pitik
  44. Krangkèng ---> kandhang kewan 
        galak
  45. Kranjang ---> wadhah sing digawé 
         saka anam-anaman pring
  46. Kraton ---> dalemé ratu
  47. Kuburan ---> papan kanggo ngubur 
        wong mati
  48. Kuncung ---> omah cilik ing ngarêp 
        pêndhapa
  49. Kurungan ---> kandhang manuk, 
        utawa pitik supaya ora lunga
  50. Langgar ---> omah cilik kanggo 
         ibadah wong Islam
  51. Lêmari ---> papan kanggo 
        nyenyimpên
  52. Lèng ---> omah sêmut, gangsir
  53. Loji ---> omah gêdhé tinggalané 
         Landa
  54. Lumbung ---> papan kanggo
        nyimpên pari
  55. Mênara ---> papan dhuwur kanggo 
         Pêpèling
  56. Mêsjid ---> omah gedhé kanggo 
         sêmbahyang wong Islam
  57. Pacrabakan ---> papan sang wiku 
         paring wulangan
  58. Padaringan ---> papan nyimpên 
        bêras
  59. Padasan ---> papan kanggo wudlu
  60. Padhépokan ---> papan pamulangan 
         ing patapan papané pêndhita
  61. Paèstrèn ---> sawah ing 
         sapinggiring kali
  62. Paga ---> papan wadhah bêkakas 
         pawon
  63. Pagagan ---> lêmah kang ditanduri 
         pari gaga
  64. Pagajih ---> lêmah sing dumadi saka 
         walêdé kali
  65. Pagupon ---> kandhang dara
  66. Paidon ---> papan nggo wadhah idu
  67. Pakunjaran ---> papan kanggo 
         ngunjara/ngukum wong luput
  68. Pamulangan ---> papan kanggo 
         mulang-muruk/sêkolahan
  69. Panêpèn ---> papan kanggo 
         sêmèdi/nêpi/tapa
  70. Pantisari ---> omah cilik ing 
        satêngahing taman
  71. Papon ---> papan wadhah apu/ênjêt
  72. Pasanggrahan ---> papan 
         palêrêman/panginêpan sajabaning 
         kutha
  73. Pasar ---> papan kanggo dol-tinuku 
         barang
  74. Pasétran ---> papan kanggo 
         mbuwang bangké
  75. Patamanan ---> lêmah sing ditanduri 
         kêkêmbangan kanggo sêsawangan
  76. Patapan ---> papan kanggo tapa
  77. Pawon ---> pérangan omah sing 
         kanggo olah-olah
  78. Payudan ---> papan jêmbar kanggo 
         adu pêrang
  79. Pêkarangan ---> papan sakiwa-
         têngêné omah
  80. Pêlabuhan ---> papan kanggo 
         mandhêgé prau
  81. Pêlataran ---> lêmah sangarêpé
        omah
  82. Pêndhapa ---> pérangan omah    
         ngarêp, kanggo pasamuan
  83. Pêsantrèn ---> papan kanggo 
         mulang- muruk para santri
  84. Pêsisir ---> pinggiré sêgara
  85. Pêtarangan ---> panggonan kanggo 
         ngêndhog pitik
  86. Pinihan/kwinihan ---> papan kanggo 
         ndhêdhêr winih tanduran
  87. Plangkan ---> papan kanggo 
         ndèlèhaké tumbak, kêris, payung
  88. Plêgungan ---> papan éyub kanggo 
         lèrèné sapi, kêbo
  89. Ploncon/plancan ---> papan 
         ndèlèhaké tumbak, têkên
  90. Pluwang ---> luwangan kanggo 
         masangi kéwan alas
  91. Pomahan ---> pêkarangan kang 
        didêgi omah
  92. Pondhok ---> omah kanggo
         mondhok, ngaji para santri
  93. Pragèn ---> wadhah uyah utawa 
        bumbu
  94. Pranji ---> kandhang pitik
  95. Ranggon ---> gubug ing alas kanggo 
         jaga kéwan
  96. Rong ---> lèng gêdhé omah tikus, 
         ula, mênyawak
  97. Rumah sakit ---> papan kanggo 
        ngupakara wong lara
  98. Sanatorium ---> papa kanggo 
         nambani wong lara TBC
  99. Sanggar ---> papan kanggo latihan, 
         utawa sêmèdi
100. Sawah ---> papan kanggo nandur 
         pari, kêdhêlé, têbu, mbako, lsp
101. Sêgaran ---> têtironé sêgara kanggo 
         ngingu iwak
102. Sêkolahan ---> papan kanggo sinau, 
         mulang-muruk
103. Sêlon ---> wadhah bumbu utawa 
         trasi
104. Sênthong ---> pérangan sajroning  
         omah kanggo turu, utawa wadhah 
         barang
105. Sêtasiun ---> papan kanggo 
         mandhêgé sêpur
106. Sêtrèn ---> sawah sapinggiré kali
107. Slêpèn ---> wadhah rokok klobot, 
         utawa mbako
108. Sudhung ---> gêgrumbulan omahé 
         cèlèng
109. Susuh ---> omah manuk, tikus, 
         bajing
110. Tala ---> omah tawon
111. Talun ---> papan ing pangunungan
112. Tambak ---> papan kanggo ngingu 
          iwak ing pêsisir
113. Tangki ---> wadhah lênga, gas, lsp
114. Tangsi ---> papan panggonané 
          têntara
115. Têgalan ---> lêmah sing ditanduri 
         palawijan
116. Tobong ---> papan kanggo ngobong 
         gamping, gêndhêng
117. Tulang ---> kothakan cilik kanggo 
         adu jangkrik
118. Warung ---> papan kanggo dodolan 
          panganan
119. Wihara ---> papan ibadah Agama 
         Budha
120. Wrangka ---> wadhah kêris

                       ~~ wjg ~~



  5.1.  Arané Pagawéyan :


  1. Ajudan ---> kang ngawal Prêsidhèn
  2. Algojo ---> tukang midana wong 
      tumindak ala
  3. Apotékêr ---> tukang ngracik obat ing 
      apotik
  4. Arsitèk ---> ahli ngrancang bangunan

  5. Bajag ---> rampok, bégal, durjana ing 
      sêgara
  6. Bakul ---> dodolan barang sarana 
      cilik-cilikan
  7. Batur ---> ngréwangi pakaryan
  8. Bégal ---> durjana ing têngah dalan
  9. Blandhong ---> tukang nêgor kayu
10. Blantik ---> bakul raja kaya ( kéwan )
11. Buruh ---> nyambut gawé golèk opah
12. Cantrik ---> abdi, muridé pêndhita
13. Carik ---> juru tulis
14. Dhalang ---> tukang nglakokaké 
       wayang
15. Dhoktêr ---> pegawéyané nambani 
       wong lara
16. Êmban ---> tukang momong ing 
       kraton
17. Êmpu ---> tukang gawé gaman
      ( kêris, tombak )
18. Gamêl ---> tukang ngopèni jaran
19. Gandhèk ---> tukang nglantaraké 
       dhawuhing ratu
20. Gêmblak ---> tukang gawé barang 
       saka kuningan
21. Gêrji ---> tukang njait klambi, clana
22. Gêrma ---> tukang mbêburu ing alas
23. Guru ---> gawéyané mulang-muruk
24. Jagal ---> tukang mbêlèh kéwan
25. Jlagra ---> tukang natah/gawé barang 
       saka watu
26. Juragan ---> sudagar, sing nguwasani 
       pakaryan
27. Juru basa ---> ahli mêdharaké basa
28. Juru dang ---> tukang adang
29. Juru kunci ---> tukang njaga/ngrumat 
       pasaréyan
30. Juru nujum ---> tukang mêca, 
        mêthèk, ngramal
31. Juru mudhi ---> tukang nglakokaké 
       prau gêdhé
32. Juru tambang ---> tukang nglakokaké 
       prau cilik
33. Juru silêm ---> tukang nyilêm ing 
       sêgara
34. Juru sungging ---> tukang nggambar
35. Juru tulis ---> tukang nulis ing kantor
36. Kêmasan ---> tukang gawé barang 
       saka êmas utawa intên
37. Koki ---> tukang masak ing rèstoran
38. Kondhèktur ---> tukang narik karcis 
       ing njêro bis utawa sêpur
39. Kundhi ---> tukang gawé barang saka         êmas utawa intên
40. Kusir ---> tukang nglakokaké dhokar
41. Kyai ---> ahli babagan agama Islam
42. Madhaharan ---> tukang okah-olah
43. Makêlar ---> tukang nglantaraké 
      dol-tinuku
44. Malang ---> polisi désa
45. Mandhor ---> pêngaré kuli
46. Masinis ---> tukang nglakokaké sêpur
47. Mêrbot ---> tukang nabuh bêdhug
48. Molang ---> bakul rajakaya
49. Montir ---> tukang ndandani mêsin
50. Mranggi ---> tukang gawé wrangka
51. Niyaga/Wiyaga ---> tukang nabuh 
       gamêlan
52. Pêkathik ---> tukang nuntun jaran
53. Palara-lara ---> para nyai cilik
54. Palayangan ---> tukang ngêtêraké 
       layang
55. Pandhé ---> tukang gawé barang saka 
       wêsi
56. Panêgar ---> tukang ngajari jaran
57. Panjak ---> tukang ngladhèni pandhé 
       utawa dhalang
58. Pangobèng ---> tukang mbathik
59. Para ---> bakul mas intên
60. Parêkan ---> para nyai ing kraton   
       kang katêngên
61. Pasindhèn ---> wong kang nêmbangi 
       gêndhing gamêlan
62. Pawongan ---> wong sing dadi batur
63. Pêcalang ---> prajurit sing ngulataké 
       lakuné mungsuh
64. Prajurit ---> pêgawéyan mbélani 
       nêgara
65. Pramugari ---> pêgawéyan ngladhèni 
       ing montor mabur
66. Pramuwisma ---> tukang ngréwangi 
       pêgawéyan ing ngomah
67. Pujangga ---> ahli sastra, 
       pêgawéyané ngarang
68. Sarawadi ---> tukang nggosok intên 
       utawa adol intên
69. Sayang ---> tukang gawé barang saka 
       têmbaga
70. Sêkatêr ---> tukang taksir rêga ing 
       pêgadhéan
71. Sinoman ---> juru ladhèn
72. Srati ---> tukang ngopèni gajah
73. Sudagar ---> pêdagang gêdhé
74. Sopir ---> tukang nglakokaké montor
75. Tandhak ---> tukang njogèd ditanggap
76. Tuwa buru ---> abdiné gêrma
77. Undhagi ---> tukang kayu
78. Waranggana ---> tukang nêmbangi 
       ing pagêlaran wayang, uyon-uyon

                     -- wjg --



  6.1. Jênêngé Wulu Kang Tuwuh ing Awak :


  1. Wulu tuwuh ing sirah ---> rambut
  2. Wulu sirah tuwuh putih ---> uwan
  3. Wulu tuwuh ndhuwur mripat ---> alis
  4. Wulu tuwuh ing tlapukan ---> idêp
  5. Wulu tuwuh ing kuping ---> jambang
  6. Wulu tuwuh ing athi-athi ---> sinom
  7. Wulu tuwuh ing irung ---> tlingus
  8. Wulu tuwuh ing pipi ---> godhèg
  9. Wulu tuwuh ing lambé ---> brêngos
10. Wulu tuwuh ing janggut ---> jénggot
11. Wulu tuwuh ngisor janggut ---> wok
12. Wulu tuwuh ing dhadha ---> bris
13. Wulu tuwuh ing kèlèk ---> takèk
14. Wulu tuwuh ing awak ---> wuluh
15. Wulu tuwuh ing wajidan ---> gamblis
16. Wulu tuwuh jêmpol sikil ---> puhun
17. Wulu tuwuh ora prênah ---> wulu 
       sétan
18. Wulu tuwuh ing kalam/badhong
       ---> jêmbut


                     --- wjg ---

----> ana candhaké VI. No. 1 
       BAB : TÊMBUNG KAWI JARWAN.





0 comments:

Post a Comment