Sunday, November 17, 2019

I. ATUR PURWAKA

 

Atur Purwaka :

--- Nuwun kawula nuwun !
Sanggya sutrêsna WJG ingkang sangêt kinasih dahat sinudarsana.
Salam tabé aliman tabé mugi tinêbihna ing iladuni myang tulak sarik.

--- Minangka purwakaning atur, kawula ngraos prihatos kaliyan patrap utawi tindak-tanduk para kanéman jaman sapunika.
Langkung-langkung anak-putu, sarta buyut kula piyambak ingkang sasat wuta ing unggah-ungguh wontên ing alam sêsrawungan.
Napa malih babagan Sêni sarta Budaya ingkang adi-luhung punika, kathah ingkang sampun wuta ing anggêr-anggêripun.

--- Mila tan mokal, laku unggah-ungguh, sêni, sarta budaya ingkang adi-luhung kasingkur dèning para anak-putu, sarta buyut.

--- Kanthi kawontênan punika WJG nêdya damêl sêsuluh minangka paugêran, ing pangajap sagêda dados anggêr-anggêr tumrap ingkang kasdu nyinaoni, sarana kawula simpên wontên blog Warung Jawa Gaul ( W.J.G. ).

--- Yêktosipun taksih têbih sêdaya sêratan ingkang kula damêl saking sampurnanipun, tumrap priyantun ingkang bontos utawi buntas ing kawruh babagan Sêni  Sarta Budaya.

--- Nanging sênadyanta kirang sampurna ingkang sinêrat wontên blog, isbatipun tan manggih pandam utawi obor ingkang padhang, mawi sunaring lilin sagêd  nyingkur saking swasana pêtênging sêsêrêpan.

--- Wasananing atur, mênawi wontên bab ingkang kirang damêl rêna ing panggalih, kawula mawantu-wantu anyênyadhong sih rumêntahing gung samodra pangaksama.

--- Salam WJG rahayu...rahayu...rahayu ingkang samya pinanggih.

Nuwun....nuwun....matur nuwun.

               --- wjg ---

---> ana candhaké ATUR PANGAJAP II.

0 comments:

Post a Comment