.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Atur Purwaka

--- Nuwun kawula nuwun !
Sanggya sutresna WJG ingkang sanget kinasih dahat sinudarsana.
Salam tabé aliman tabé mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik.
--- Minangka purwakaning atur, kawula ngraos prihatos kaliyan anak, putu, sarta buyut kula piyambak babagan Seni sarta Budaya ingkang adi-luhung punika, kathah ingkang sampun wuta ing angger-anggeripun.
--- Mila tan mokal laku unggah-ungguh, seni sarta budaya ingkang adi-luhung kasingkur dening para anak, putu, sarta buyut.
--- Kanthi kawontenan punika WJG nedya damel sesuluh minangka paugeran ing pangajap, sageda dados angger-angger tumrap ingkang kasdu nyinaoni, sarana kawula simpen wonten blog WJG.
--- Yektosipun taksih tebih saking saking sampurnanipun tumrap priyantun ingkang bontos ing kawruh babagan Seni Sarta Budaya.
Nanging sendyanta kirang sampurna ingkang sinerat wonten blog, ibaratipun tan manggih obor ingkang padhang, mawi sunaring lilin saged nyingkur saking swasana peteng.
--- Wasananing atur menawi wonten bab ingkang kirang damel rena ing panggalih, kawula mawantu-wantu anyenyadhong sih rumentahing gung samodra pangaksama.
--- Salam WJG rahayu...rahayu...rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun.

Friday, June 7, 2024

III. No. 3. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA NGOKO ANDHAP )




Unggah-Ungguhing Basa 3 :

Basa Ngoko Andhap :

--- Basa Ngoko Andhap iku kabédakaké dadi rong golongan yaiku :

1. Ngoko Antya Basa.
2. Ngoko Andhap Basa Antya.

--- Wondéné sing kêrêp kanggo yaiku Ngoko Antya Basa.

--- Déné Ngoko Andhap Basa Antya wis ora lumrah kanggo, malah kêna diarani wis mati babar pisan.  
Ya mung minangka sêsurupan baé, mêngko bakal katêrangaké ringkêsané baé.

Katrangan Bab Pênganggoné :

1. Kanggo gunêm karo sapa baé kang
    sêsrawungané wis rakêt bangêt, 
    nanging isih padha déné ajèn-ingajènan.

2. Kanggo gunêm wong wadon marang 
    kakungé ( bojoné ).


--- Titikané Basa Ngoko Andhap Antya Basa yaiku :

1. Têmbung-têmbungé ngoko kacampuran
     têmbung krama inggil, tumrap wong
     kang diajak gunêm, mratélakaké
     anggoné ngajèni ( ngrêgani ).

2. Têmbung-têmbung kayata :

Aku panggah (ajêg ora owah)
Kowé tumrap wong kang kaprênah tuwa, disalini panjênêngan
Kowé tumrap kang kapêrnah ênom, disalini sliramu utawa kêngslira
Atêr-atêr dak Kula
Atêr-atêr ko panggah (ajêg ora owah)
Atêr-atêr di panggah (ajêg ora owah)
Panambang é panggah (ajêg ora owah)
Panambang aké panggah (ajêg ora owah)
Panambang ku panggah (ajêg ora owah)
Panambang mu panggah (ajêg ora owah)


--- Tuladha :

1. Mau bêngi sliramu apa tindak kumpulan
     RT ?

2. Mas Prapta, panjênêngan apa wis
    mundhut bagéané ?

3. Pak, dak aturi dhahar sik, kaé wis dak
     tata.

4. Kuwi agêmané kok pating clonèh, gupak
    apa ta Pak ?

5. Nèk panjênêngan arêp mriksani, aku di
    dhawuhi ndhèrèk ya gêlêm.


--- Titikane Basa Ngoko Andhap Basa
      Antya yaiku : 

1. Têmbung-têmbungé ngoko kacampuran
     têmbung krama lan krama inggil.

2. Atêr-atêr ; dak, ko, di, panggah
    ( ora owah ).

3. Panambang ; ku, mu, é, aké, panggah
    ( ora owah ).

4. Têmbung kowé ; disalini
     sliramu/kêngslira.


--- Tuladha :

1. Jaré saèstu mriksani, saiki lagi tindak
     ngêndi ?

2. Gèk lampahé baé apa ya Mas, kok
     gamêlané sadalu natas ngungkung baé.

3. Aku dhéwé ya nampa ulêman, ning ora
    mangkat, jalaran ora ana sing têngga
    griya.


                          --- wjg ---

---> ana candhaké BASA MADYA NGOKO
      III. 4.BASA

Sunday, March 5, 2023

XVII. TULADHA ABA-ABA BARIS BASA JAWA

Aba-aba Baris Basa Jawa :


--- Aba-aba Baris Basa Jawa, adat sabên dianggo dèning para Prajurit Kraton.
Jawa Tengah anané Kraton amung : 

1. Ngayogyakarta Hadiningrat :
1.1. Kasultanan 
1.2. Pura Pakualaman

2. Surakarta Hadiningrat :
2.1. Kasunanan
2.2. Pura Mangkunêgaran

Mula ya mung papan kasêbut kang migunakaké.


Jarwan Têmbung Basa Indonesia :

  1. Kapulung  = Berkumpul
  2. Sawéga/Siyaga = Siap
  3. Bêrgada = Barisan/Pasukan
  4. Tandya/Tandra ! = Gerak/Jalan/Mulai !
  5. Siyaga tandya ! = Siap, gerak !
  6. Godhag sahasta, tandya ! = Lencang
      kanan, gerak !
  7. Godhag mangarsa, tandya ! = Lencang
      depan, gerak !
  8. Hétung, tandya ! = Berhitung, mulai !
  9. Lêrêm sahana, tandya = Istirahat di
      tempat, gerak !
10. Lumaksana sahana, tandya ! = Jalan
      di tempat, gerak !
11. Sigêg, tandya ! =
       Berhenti, gerak/Tegak,
       gerak !
12. Karti-sampéka, tandya ! = Hormat,
      gerak !
13. Madhêp duksina, tandya ! = Hadap
      kanan, gerak !
14. Madhêp wama/mangèring, tandya ! = 
       Hadap kiri, gerak !
15. Madhêp kawuri, tandya ! = Balik kanan
      gerak !
16. Lumaksana, tandya ! = Maju, jalan !
17. Lumaksana mahargya, tandya = 
       Langkah tegap, jalan !
18. Lumaksana madya, tandya = Langkah
       biasa, jalan !
19. Bêrgada buka tandya ! = Buka barisan,
       jalan !
20. Bêrgada tutup, tandya ! = Tutup
       barisan, jalan !
21. Nikung daksina, tandya !  = Belok
       kanan, jalan !
22. Nikung wama/mangèring tandya ! =
       Belok kiri, jalan !
23. Lumiga sabêt, tandya ! = Humus
      pedang, gerak !
24. Sumarung pêdhang, tandya ! =
      Sarungkan pedang, gerak !
25. Dwi lumaksana mangarsa tandya ! =
       Dua langkah ke depan, jalan !
26. Tri lumaksana kawuri, tandya ! = 
       Tiga langkah ke belakang, jalan !
27. Éka lumaksana duksina, tandya ! =
       Satu langkah ke samping kanan, 
       gerak !
28. Catur lumaksana wama/mangèring,
       tandya ! = Empat langkah ke samping
       kiri, jalan !
29. Tanjak mulat wana/mangèring,
       karti-sampéka tandya = Hormat kiri,
       jalan !
30. Tanjak mulat duksina, karti-sampéka
        tandya ! = Hormat kanan, jalan !
31. Luwar barêng, tandya = Bubar, jalan !
32. Pêngagêng Upacara = Inspektur
       Upacara
33. Sénapatining Upacara = Komandan
       Upacara
34. Atur palapuran = lapor 
35. Têtungguling Bêrgada = Ketua Regu


                            --- wjg ---


Katrangan wêrdining têmbung asli :

a. Tandra/Tandya = nuli, banjur, têrus
b. Sahana = papan winatês
c. Lumiga = tanpa wrangka
d. Sabêt = pêdhang
e. Sawéga, siyaga = sêdhiya, miranti
f. Godhag = sêla-sêlaning
g. Tanjak = njunjung sikil mancad
h. Luwar = bubar.
 i. Karti-sampéka = kaprigêlan pêrang,
    rêrigên ing tatanan
j. Sigêg = ora ditêrusaké
k. Duksina = têngên.
 l. Mahargya = ngaji-aji, kurmat ing lumaku
    baris.

                           ~ WJG ~

Sunday, July 17, 2022

XVI. No. 4. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA LAMARAN ( BAB : ATUR PANGANDIKAN WANGSULAN LAMARAN )

4. Atur Pangandikan Wangsulan 
    Lamaran :

     Wontên ngarsanipun Bapa....( sing nglamar ) ingkang tuhu luhuring budi.
Kula hangaturakên agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit paringipun pamuji dhumatêng kula sakulawarga, kosok wangsul salam pamuji kula konjuk mugi panjênênganipun Båpå....( sing nglamar ) sakulawarga tansaha winantu ing karaharjan.
Aamiin.

       Matur nêmbah nuwun ugi kula aturakên, awit sampun kêparêng paring pangandikan wigatosing sêdya ingkang rumêntah dhatêng jasad kula sakulawarga.
Sêdaya atur pangandikan ingkang sampun gumathok, sampun kula tampi kanthi têrwaca/têrwéla.

       Salajêngipun atur pangandikan panjênênganipun Bapa ....( sing nglamar ) ingkang kagungan sêdya ngêrsakakên amupu anak kula pun Gêndhuk.....( bocah sing dilamar ), kula minangka jêjêring tiyang sêpuh amung jumurung karsa dhatêng prasêtyaning batos ingkang sampun kawijil dèning putra panjênêngan sarta anak kula.

      Kanthi punika, atur pangandikan panglamar panjênênganipun Båpå....( sing nglamar ), kula tampi kanthi bingahing raos lair tumusing batos.
Kula minangka jêjêring sêpuh namung jumurung puji mugi Gusti Ingkang Murbèng Dumadi tansah marêngakên sarta angayomi sêdya tama saking anak kula pun Gêndhuk....( bocah sing dilamar ) sarta Nak Mas....( sing dilamaraké ), sagêda singlar saking sambékala, lêstari pinêsthi dados jodhonipun ing donya dumuginipun dêlahan.
Aamiin 

      Salajêngipun bab rancangan kalêksananing sêdya lan satêrasipun kula amung anut tumutur dhatêng pirêmbaganipun putra kêkalih.

       Minangka pungkasaning atur, kula namung sagêd angaturakên agunging panuwun, déné panjênênganipun Båpå....( sing nglamar ) sampun kêrsa manunggalakên balung pisah, ingkang adamêl tambahing kulawarga.

      Wasananing atur, hambokbilih anggèn kula matur wonten têmbung ingkang kirang mungguh, kula tansah anyênyadhong sih rumêntahing samodra gung pangaksami.

       Saparipurnaning adicara mirunggan punika, hambokbilih samangké ngêrsakakên kundur, kula sakulawarga namung sagêd ngaturakên pamuji, mugi kalis saking bêbayaning marga sarta winantu karahayon ingkang Samya pinanggih.
Nuwun...nuwun...matur nuwun.

Wass.w.w.

Katrangan :
Wangsulan pangandikan atur lamaran ora pêrlu nganggo salam, amarga minangka sambungan pangandikan kang kapisanan.


                          --- WJG ---


---> ana candhaké :
       BAB : XVII.
      ABA-ABA BARIS BASA JAWA

                  


Saturday, July 16, 2022

XVI. No. 3. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA LAMARAN ( BAB : ATUR LAMARAN )

3. Atur Pangandikan Lamaran :
      
Ass.w.w.

      Wontên ngarsa panjênênganipun  Bapa....( sing mêngku gati ) sarta sagung kulawarga ingkang hanggung mastuti dhumatêng pêpoyaning kautaman, sarta ingkang pantês pinundhi saha kinabêktèn.

       Kanthi pêpayung budi rahayu kula ngonjukakên raos sukur wontên ngarsa Dalêm Gusti Ingkang murbèng Dumadi, ingkang sampun paring karaharjan dhumatêng panjênênganipun Bapa....( kang mêngku gati ) dalah kulawarga ingkang lumèbèr dhumatêng kula sakulawarga, kacihna widada lampah kula sagêd sowan wontên ngarsa panjênênganipun Bapa.....( mêngku gati ) kanthi singlar saking bêbayaning marga.

      Ingkang kaping sêpisan kêparênga ugi ndhèrèk wanuh têtêpangan bilih ingkang sudi hamastani nami kula nun inggih .....( sing nglamar ), saking wêwêngkon....(kasêbut alamaté ) minangka Bapakipun Mak Mas.....( sing dilamaraké ).
Déné ingkang anjajari punika Ibunipun ingkang sêsilih....( sêbutaké jênêngé ) minangka sisihan kula 

        Ingkang kaping kalih, nun inggih saking awratipun tinangisan kaliyan anak kula pun Nak Mas.....( sing dilamaraké ) aturipun ing uni wontên sambêt katrêsnan kaliyan Ni Mas.....( sebutaké  jênêngé ) putra putri Bapa....( Bapaké sing dilamar ), sarta mothah gumolonging sêdya sarta tékad salêbêtipun sêsambêtan baris, kepengin gêsang sêsarêngan wontên samodraning bêbrayan agung.

        Awit saking punika, sowan kula sakulawarga mênawi wontên kêparênging panggalih Bapa....( kang mêngku gati ) dalah sagung kulawarga, kula nedya hangrakêtakên balung pisah, daging arênggang, bêbasan ndhodhok latar, ndhodhog kori, nêdya nginang jambe suruhe, angêbun-êbun ènjang, anjêjawah sontên asing panglamar putra putri Bapa....( bapaké bocah sing dilamar ) pun Ni Mas ..... ( jênêngé bocah sing dilamar ), mênawi wontên sarjuning panggalih, badhé kula suwun minangka jatu-kramanipun anak kula pun Nak Mas..... ( bocahé lanang ).

     Salajêngipun kula suwun kêparêngipun Bapa.....( bapaké bocah wadon ) paring pangandikan ingkang gumathok ri  kalênggahan punika, kula sangêt angaturakên agunging panuwun.

     Kados namung punika ingkang dados gatining sêdya kula sowan ing ngarsa panjênênganipun Bapa.....( bapaké sing dilamar ) sakulawarga.
Hambokbilih wontên patrap kula sakulawarga anggènipun marak sowan singlar saking rèh tata-krami, kula tansah anyênyadhong sih rumêntahing gung samodra pangaksami. 

      Ing wasana kula sakulawarga namung badhé ngèstokakên dhawuh pangandikanipun Bapa...( pamêngku gati ) sakulawarga.
Nuwun...nuwun...matur nuwun.



                  --- wjg ---


---> ANA CANDHAKÉ :
     BAB : XVI. 4. ATUR PANGANDIKAN
     WANGSULAN LAMARAN.

XVI. No. 2. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA LAMARAN ( BAB : ATUR PANGANDIKAN PAMÊNGKU GATI )

2. Atur Pangandikan Pamêngku Gati 


 Ass.w.w.

      Wontên Ngarsa panjênênganipun Bapa......( Bapaké sing dilamar ) sagung kulawarga, sarta para lênggah ingkang satuhu kinurmatan, kanthi linambaran raos syukur wontên ngarsa Dalêm Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, kula sakulawarga ngaturakên kasugêngan  awit rawuhipun Bapa .... ( sing arêp nglamar ) dalah kulawarga.

      Mugi mênawi wontên kêparêngipun panggalih, kula suwun hanyêkécakakên lênggah kanthi mêrdu-mardikaning panggalih.

      Sadèrèngipun kula matur gatining sêdya, kêparênga kula gladhi wanuh têtêpangan rumiyin, nun inggih kula piyambak ingkang kasdu hamastani nami.....( kasêbut jênêngé ) minangka Bapakipun Ni Mas....( jênêngé bocah sing dilamar ).
Lajêng ingkang punika ( kaacungan racikan jêmpol ) inggih Ibupun Ni Mas....
( sing dilamar ) ugi minangka sisihan kula.
Ugi kêparêng rawuh ri kalênggahan punika nun inggih :
1. Éyang Kakung, Eyang Putri pilênggah
     wontên....( kasêbat dalêmipun ).
2. Pak Dhé, Bu Dhé, lsp.

     Salajêngipun kula sakulawarga ngraos anglênggana bilih anggènipun anampi rawuh panjênênganipun Bapa....( sing nglamar ) sangêt anggènipun anut rèh ing tata-krami.
Pramila wontên mriki kula matur hambok bilih kirang adamêl rêna ing panggalih saking anggèn kula angacarani, kula sakulawarga nyuwun agunging pangaksami.

      Salajêngipun kula pitados bilih rawuhipun Bapa....( sing nglamar ) sakulawarga wontên wigatos ingkang badhé kababar, pramila mênawi sampun kêparingipun wêkdal, sumangga kula aturi paring pangandikan wigatos ing sêdya anggènipun karaya-raya tindak ing griya kula.

      Awit saking punika, wontên ngarsanipun Bapa....( sing nglamar ) sasana dalah wêkdal kulasumang-
gakakên.
Nuwun...nuwun...matur nuwun.


                  --- wjg ---


----> ANA CANDHAKÉ : 
        BAB : XVI. 3. ATUR PANGLAMAR



      



Friday, July 15, 2022

XVI. No. 1. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA LAMARAN ( BAB : ATUR SAPALA )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Adicara
  Lamaran :


1. Atur Sapala .

    Ing Adi-cara Lamaran adat sabên ginêlar kanthi mirunggan.
Têgêsé mburu cukup, amarga sing kumpul kanggoné sing duwe kajat utawa sing arêp nampa tamu kang bakal atur lamaran  amung kulawarga, kaya déné :

Sing nampa lamaran :
1. Rama-Ibuné sing arep dilamar
2. Bocah sing arêp dilamar
3. Yèn isih jangkêp Mbah Kakung-Putri
4. Pak Dhé utawa Pak Liké sing arêp
    dilamar.
5. Kang piniji sulih atur.

Sing arêp nglamar  :
1. Rama-Ibu
2. Bocah sing dilamaraké
3. Pak Dhe utawa Pak Liké sing dilamaraké
4. Kang piniji sulih atur.

Mula lumakuné adi-cara kanthi mburu cukup.
Nanging saupama gumêlaring adi-cara sarana Pambiwara, kêna-kêna baé.

   Saupama ginêlar kanthi mirunggan 
( mligi buru cukup ), kang murwani adi-cara kang mêngku gati ( kagungan kajat ).
Déné mênawa gumêlaring adi-cara kanthi Pambiwara, wis têmtu Pambiwara kang murwani lumakuning adi-cara.

      Muga andadèkna kauningan.


                    --- wjg ---


---> ANA CANDHAKÉ : 
      BAB.. XVI. 2  ATUR PAMÊNGKU GATI
      ADI-CARA LAMARAN
      

Sunday, June 13, 2021

XIV. No. 3. BAWA GAWAN GÊNDHING JAWA ( BAB : SÊKAR AGÊNG )

Bawa Sêkar Agêng 3 :


3.1.  S.A. Banjaransari, lmph : 19, 
         pdt : 6-6-7, dhawah Gd. Tunggul Pl.             Br :


3.2. S.A. Bangsapatra, lmph : 17,
        pdt : 4-6-7, dhawah Gd. Rênyêp,
        Ldr. Sri Sudana Sl. 9 :


3.3.  S.A. Candrahasmara, lmph : 16,
         pdt : 8-8, dhawah Ldr. Pangkur 
         Pl. Br :


3.4.  S.A. Candrakusuma, lmph : 16,
         pdt : 8-8, dhawah Ldr. Pangkur Sl. 9 :


3.5.  S.A. Candrakusuma Mangkunêgaran,
         lmph : 16, pdt : 8-8, dhawah
         Ldr. Pangkur Sl. 9 :


3.6.   S.A  Candrawilasita, lmph : 12,
         pdt : 4-8, dhawah Ldr. Génjong
         Guling Pl. 6 :


3.7.  Ciptamaya, lmp : 17, pdt : 5-5-7,
         dhawah Gd. Boyong Pl. Br :


3.8.  Citramêngêng, lmph : 12, pdt : 6-6,
         dhawah Ktw. Langêngita Sl. 9 :


3.9.  Citrarini, lmph : 12, pdt : 5-7, 
         dhawah Gd. Rakèt Pl. Br. :


3.10.  Harinidwani, lmph : 17, pdt : 5-5-7,
           dhawah Ldr. Srihutama Sl. Mnyr :


3.11.  Hastrakusuma, lmph : 12, pdt : 5-7,
           dhawah Ldr. Srirahara Pl. Br :


3.12.  Irim-irim, lmph : 22, pdt : 8-7-7, 
           dhawah Ldr. Clunthang Sl. 9 :


3.13.  Kumudasmara, lmph : 15, pdt : 7-5,
           dhawah Ktw. Swalagita, 
           Ldr. Srikuncara
           Pl. 6 :


3.14.  Kusumastuti, lmph : 13, pdt : 7-6,  
          dhawah Ldr. Sridirgayuswa Pl. Br :


3.15. Langênhasmara, lmph : 14, 
          pdt : 6-8, dhawah Ldr. Srikarongron
          Sl. 9 :


3.16. Langênhasmara, lmph : 15, 
          pdt : 7-8, dhawah Ldr. Srinindhita
          Pl. 6 :


3.17.  Langênkusuma, lmph : 15, pdt : 7-8,
           dhawah Gd. Kêmbanggayam Pl. 6 :


3.18.  Madhayanti, lmph : 9, pdt : 4-5,
           dhawah Ldr. Sêkar Gadhung Pl. 6 :


3.19.  Maduasamara, lmph : 12, pdt : 5-7,            dhawah Ldr. Asmaradana, 
          Gd. Lobong Pl. Br :


3.20.  Madurêtna, lmph : 12, pdt : 5-7,
           dhawah Gd. Lobong Sl. Mnyr :


3.21. Mahésabayangan, lmoh : 17, 
          pdt : 5-5-7, dhawah 
          Ldr. Kijingmiring Pl. 6 :


3.22. Manggalagita, lmph : 15, pdt : 8-7,
          dhawah Gd. Onang-onang Pl 6 :


3.24. Padmakusuma, lmph : 17,
          pdt : 4-6-7, dhawah Ktw. Srikawirya 
          Sl. Mnyr :


3.25   Pamularsih, lmph : 15, pdt :7-8,
          dhawah  Ldr. Loro-loro Topèng 
          Sl. Mnyr :


3.26.  Pangudasmara, lmph : 14, pdt : 6-8,
           dhawah Ldr. Suwignya Pl. Br  :


3.27.  Patrasuratama, lmph : 17,
           pdt : 4-6-7, dhawah 
           Ktw. Gandahastuti 
           Pl. 6 :


3.28.  Prithanjala, lmph : 19, pdt : 6-6-7,
           dhawah Gd. Gandrungmanis 
           Sl. Mnyr :


3.29.  Puspamadya, lmph : 17, pdt : 6-6-5,
           dhawah Ldr. Srikawuryan Pl. Br  :


3.30. Puspanjana, lmph : 13, pdt : 7-6, 
         dhawah Ldr. Sribiwadhamulya
         Sl. Mnyr :


3.31.  Pusparêtna, lmph : 17, pdt : 6-6-5,
           dhawah Gd. Sri Sêkaringpuri
           Pl. Br  :


3.32. Pusparugmi, lmph : 17, pdt : 4-6-7,
          dhawah Gd. Kuwung-kuwung Pl. Br :


3.33.  Rarabéntrok, lmph : 16, pdt : 8-8,
           dhawah Gd. Gambirsawit Sl. 9 :


3.34.  Rarabéntrok Mangkunêgaran,
           lmph : 16, pdt : 8-8, dhawah 
          Gd. Gambirsawit Sl. 9 :


3.35.  Raraturidha, lmph : 16, pdt : 
           dhawah Gd. Gambirsawit Pacarcina,
           Ldr. Sri Sinuba Pl. 6 :


3.36.  Rêtna Asmara, lmh : 12, pdt : 4-8,
           dhawah Gd. Randhukèntir Pl. 6 :


3.37.  Rêtnamulya, lmph : 12, pdt : 4-8,
           dhawah Ldr. Sriwidada Pl. Br  :


3.38.  Sobamanggala, lmph : 16, pdt : 8-8,
           dhawah Ldr. Sridayinta linuhur, 
           Pl. 6 :


3.39.  Sudirawarna, lmph : 12, pdt : 5-7,
           dhawah Gd. Bondhèt Sl. 9 :


3.40.  Sufirawucitra, lmph : 12, pdt : 5-7 
           dhawah Gd. Bondhèt Pl. 6 :


3.41.  Surarêtna, lmph : 12, pdt : 4-8,
           dhawah Ldr. Srihascarya Sl. 9 :


3.42.  Surarêtna, lmph : 12, pdt : 4-8,
           dhawah Ktw. Pocung, Gd. Widosari
           Sl. 6 :


3.43   Têbukasol, lmph : 9, pdt : 4-5,
           dhawah Ldr. Sêkar Gadhung 
       ..  Sl. Mnyr :


3.44.  Têpikawuri, lmph : 17, pdt : 6-6-5,
           dhawah Gd. Montro Sl. Mnyr :


3.45.  Wisatikandhêh, lmph : 12,.odt : 5-7,
           dhawah Kdr. Sribiwadha Pl. Br  :


                         ---wjg ---


Katrangan :
lmph = lampah
pdt.   = pêdhotan.


                           --- wjg ---

----> ana candhaké : BAB XV No. 1 WICARA
       ATUR PAMBUKANING PAMBIWARA
       ADICARA SRIPAH

Thursday, June 10, 2021

XIV. No. 2 BAWA GAWAN GÊNDHING JAWA ( BAB : BAWA SÊKAR TÊNGAHAN )

Bawa Sêkar Têngahan 2 :


2.1.  Kênyakêdhiri, dhawah Ktw.
         Brongtomêntul, utawi Ldr. Sriminulya
         Sl. Mnyr :

2.2.  Kênyakêdhiri, dhawah 
         Ldr. Sri Wibawa
         utawi Ldr. Sriminulya Sl. 9 :


2.3.   Kuswaraga, dhawah Ldr. Srikaloka
          Sl. Mnyr :


2.4.  Kuswaraga, dhawah 
         Gd. Pêrkutut Manggung Sl. Mnyr :


2.5.   Kuswarini, dhawah Ldr. Sriniluhung,
          utawi minggahipun Sinom Pl. Br :


2.6.   Palugon, dhawah
          Ldr. Kapidhondhong Pl. 6 :


2.7.   Palugon, dhawah Ldr. Srikrêtarta 
          Pl. 6


2.8.  Palugangsa céngkok Pranasmara,
        dhawah Ktw. Lêbdasari Sl. Mnyr :


2.9.  Pangajapsih, dhawah 
         Ktw. Puspagiwang, Ldr. Srinasau
         Pl. Br :


2.10.  Pranasmara, dhawah
           Ldr. Sri Rinêngga Sl. Mnyr :


2.11.  Sri Martana, dhawah 
           Ldr. Kêmbang Tanjung  Sl. 9 :



                          --- wjg --


---->ana candhaké : BAB XIV. No. 3  BAWA        GAWAN GÊNDHING JAWI Sêkar Agêng.