Saturday, July 16, 2022

XVI. No. 3. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA LAMARAN ( BAB : ATUR LAMARAN )

3. Atur Pangandikan Lamaran :
      
Ass.w.w.

      Wontên ngarsa panjênênganipun  Bapa....( sing mêngku gati ) sarta sagung kulawarga ingkang hanggung mastuti dhumatêng pêpoyaning kautaman, sarta ingkang pantês pinundhi saha kinabêktèn.

       Kanthi pêpayung budi rahayu kula ngonjukakên raos sukur wontên ngarsa Dalêm Gusti Ingkang murbèng Dumadi, ingkang sampun paring karaharjan dhumatêng panjênênganipun Bapa....( kang mêngku gati ) dalah kulawarga ingkang lumèbèr dhumatêng kula sakulawarga, kacihna widada lampah kula sagêd sowan wontên ngarsa panjênênganipun Bapa.....( mêngku gati ) kanthi singlar saking bêbayaning marga.

      Ingkang kaping sêpisan kêparênga ugi ndhèrèk wanuh têtêpangan bilih ingkang sudi hamastani nami kula nun inggih .....( sing nglamar ), saking wêwêngkon....(kasêbut alamaté ) minangka Bapakipun Mak Mas.....( sing dilamaraké ).
Déné ingkang anjajari punika Ibunipun ingkang sêsilih....( sêbutaké jênêngé ) minangka sisihan kula 

        Ingkang kaping kalih, nun inggih saking awratipun tinangisan kaliyan anak kula pun Nak Mas.....( sing dilamaraké ) aturipun ing uni wontên sambêt katrêsnan kaliyan Ni Mas.....( sebutaké  jênêngé ) putra putri Bapa....( Bapaké sing dilamar ), sarta mothah gumolonging sêdya sarta tékad salêbêtipun sêsambêtan baris, kepengin gêsang sêsarêngan wontên samodraning bêbrayan agung.

        Awit saking punika, sowan kula sakulawarga mênawi wontên kêparênging panggalih Bapa....( kang mêngku gati ) dalah sagung kulawarga, kula nedya hangrakêtakên balung pisah, daging arênggang, bêbasan ndhodhok latar, ndhodhog kori, nêdya nginang jambe suruhe, angêbun-êbun ènjang, anjêjawah sontên asing panglamar putra putri Bapa....( bapaké bocah sing dilamar ) pun Ni Mas ..... ( jênêngé bocah sing dilamar ), mênawi wontên sarjuning panggalih, badhé kula suwun minangka jatu-kramanipun anak kula pun Nak Mas..... ( bocahé lanang ).

     Salajêngipun kula suwun kêparêngipun Bapa.....( bapaké bocah wadon ) paring pangandikan ingkang gumathok ri  kalênggahan punika, kula sangêt angaturakên agunging panuwun.

     Kados namung punika ingkang dados gatining sêdya kula sowan ing ngarsa panjênênganipun Bapa.....( bapaké sing dilamar ) sakulawarga.
Hambokbilih wontên patrap kula sakulawarga anggènipun marak sowan singlar saking rèh tata-krami, kula tansah anyênyadhong sih rumêntahing gung samodra pangaksami. 

      Ing wasana kula sakulawarga namung badhé ngèstokakên dhawuh pangandikanipun Bapa...( pamêngku gati ) sakulawarga.
Nuwun...nuwun...matur nuwun.



                  --- wjg ---


---> ANA CANDHAKÉ :
     BAB : XVI. 4. ATUR PANGANDIKAN
     WANGSULAN LAMARAN.

0 comments:

Post a Comment