Sunday, July 17, 2022

XVI. No. 4. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA LAMARAN ( BAB : ATUR PANGANDIKAN WANGSULAN LAMARAN )

4. Atur Pangandikan Wangsulan 
    Lamaran :

     Wontên ngarsanipun Bapa....( sing nglamar ) ingkang tuhu luhuring budi.
Kula hangaturakên agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit paringipun pamuji dhumatêng kula sakulawarga, kosok wangsul salam pamuji kula konjuk mugi panjênênganipun Båpå....( sing nglamar ) sakulawarga tansaha winantu ing karaharjan.
Aamiin.

       Matur nêmbah nuwun ugi kula aturakên, awit sampun kêparêng paring pangandikan wigatosing sêdya ingkang rumêntah dhatêng jasad kula sakulawarga.
Sêdaya atur pangandikan ingkang sampun gumathok, sampun kula tampi kanthi têrwaca/têrwéla.

       Salajêngipun atur pangandikan panjênênganipun Bapa ....( sing nglamar ) ingkang kagungan sêdya ngêrsakakên amupu anak kula pun Gêndhuk.....( bocah sing dilamar ), kula minangka jêjêring tiyang sêpuh amung jumurung karsa dhatêng prasêtyaning batos ingkang sampun kawijil dèning putra panjênêngan sarta anak kula.

      Kanthi punika, atur pangandikan panglamar panjênênganipun Båpå....( sing nglamar ), kula tampi kanthi bingahing raos lair tumusing batos.
Kula minangka jêjêring sêpuh namung jumurung puji mugi Gusti Ingkang Murbèng Dumadi tansah marêngakên sarta angayomi sêdya tama saking anak kula pun Gêndhuk....( bocah sing dilamar ) sarta Nak Mas....( sing dilamaraké ), sagêda singlar saking sambékala, lêstari pinêsthi dados jodhonipun ing donya dumuginipun dêlahan.
Aamiin 

      Salajêngipun bab rancangan kalêksananing sêdya lan satêrasipun kula amung anut tumutur dhatêng pirêmbaganipun putra kêkalih.

       Minangka pungkasaning atur, kula namung sagêd angaturakên agunging panuwun, déné panjênênganipun Båpå....( sing nglamar ) sampun kêrsa manunggalakên balung pisah, ingkang adamêl tambahing kulawarga.

      Wasananing atur, hambokbilih anggèn kula matur wonten têmbung ingkang kirang mungguh, kula tansah anyênyadhong sih rumêntahing samodra gung pangaksami.

       Saparipurnaning adicara mirunggan punika, hambokbilih samangké ngêrsakakên kundur, kula sakulawarga namung sagêd ngaturakên pamuji, mugi kalis saking bêbayaning marga sarta winantu karahayon ingkang Samya pinanggih.
Nuwun...nuwun...matur nuwun.

Wass.w.w.

Katrangan :
Wangsulan pangandikan atur lamaran ora pêrlu nganggo salam, amarga minangka sambungan pangandikan kang kapisanan.


                          --- WJG ---


---> ana candhaké :
       BAB : XVII.
      ABA-ABA BARIS BASA JAWA

                  


0 comments:

Post a Comment