.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Atur Purwaka

--- Nuwun kawula nuwun !
Sanggya sutresna WJG ingkang sanget kinasih dahat sinudarsana.
Salam tabé aliman tabé mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik.
--- Minangka purwakaning atur, kawula ngraos prihatos kaliyan anak, putu, sarta buyut kula piyambak babagan Seni sarta Budaya ingkang adi-luhung punika, kathah ingkang sampun wuta ing angger-anggeripun.
--- Mila tan mokal laku unggah-ungguh, seni sarta budaya ingkang adi-luhung kasingkur dening para anak, putu, sarta buyut.
--- Kanthi kawontenan punika WJG nedya damel sesuluh minangka paugeran ing pangajap, sageda dados angger-angger tumrap ingkang kasdu nyinaoni, sarana kawula simpen wonten blog WJG.
--- Yektosipun taksih tebih saking saking sampurnanipun tumrap priyantun ingkang bontos ing kawruh babagan Seni Sarta Budaya.
Nanging sendyanta kirang sampurna ingkang sinerat wonten blog, ibaratipun tan manggih obor ingkang padhang, mawi sunaring lilin saged nyingkur saking swasana peteng.
--- Wasananing atur menawi wonten bab ingkang kirang damel rena ing panggalih, kawula mawantu-wantu anyenyadhong sih rumentahing gung samodra pangaksama.
--- Salam WJG rahayu...rahayu...rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun.

Friday, November 22, 2019

III. No. 6. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA MADYANTARA )




Unggah-Ungguhing Basa 6 :

Basa Madyantara :

--- Basa Mandyantara iku têmbung-têmbungé kadadéan saka basa Madya Krama, kacampuran têmbung Krama Inggil kang tumuju marang wong kang diajak gunêm.

    Tumrap têmbung-têmbung :

Aku Kula
Kowé Sampéyan/Samang
Atêr-atêr dak Kula
Atêr-atêr ko Samang/Mang
Atêr-atêr di Panggah (ora owah)


Katrangan bab pênganggoné :

1. Kanggo caturan priyayi cilik marang 
    kakungé ( bojoné ).

--- Basa Madyantara wis arang-arang kanggoné, malah kêpara ora kanggo babar pisan.
Ing kéné mung kanggo sêsurupan ( supaya ngêrti baé ).


Tuladha gunêm:

       Mara gatèkna gunêmé Pak Karto karo Bu Karto ngisor iki :

--- Pak Karto :  Ibuné !

~~ Bu Karto :  Kula Pakné

--- Pak Karto :  Wêtonku wis tumbuk umur
    70 taun, slamêtané apa wis kok 
     pikiraké Ibuné ?

~~ Bu Karto :  Rak siyos bènjing tanggal
      11 Sapar ngajêng niki ta Pakné ?

--- Pak Karto :  Lha iya.

~~ Bu Karto :  Saniki rak nêmbé tanggal ping 1 ( sêtunggal ), dados taksih kirang 
sêdasa dintên malih ta Pakné !


                          --- wjg ---

---->  ana candhaké : BASA KRAMATARA
         III. 7. 

III. No. 5. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA MADYA KRAMA )




Unggah-Ungguhing Basa 5 :

Basa Madya Krama :

--- Basa Madya Krama iku titikané :

1. Têmbungé madya kacampuran 
     têmbung krama sarta krama inggil.

2. Têmbung-têmbung kayata :

Akukula
Kowésampéyan utawa samang
Atêr-atêr dakkula
Atêr-atêr kosamang utawa mang
Panambang kukula
Panambang musampéyan utawa samang
Panambang épanggah ( ora owah ).



Tuladha gunêm :

1. Wanci ngètên kok êmpun kondur, napa
    êmpun rampung padamêlan 
    sampéyan ?

2. É, Kang...sing mikul durèn, samang
    kèndêl sêkêdhap.

3. Napa ajêng tumbas nggih Dhi ?

4. Wong ngêndhêg, nèk botên ajêng
    tumbas ajêng napa ?

5. Sêtunggil rêginé pintên ?

6. Niki sêtunggilé rêginé sèkêt èwu.

7. Sêdasa èwu mawon nggih ?

8. Dèrèng angsal yèn sêmontên.



                     --- wjg ---

---->  ana candhaké : BASA MADYANTARA
        III. 6. 

II. ATUR PANGAJAP



Atur Pangajap :

1.
--- Panawung Kridha website Warung Jawa Gaul ( WJG ) hangaturakên agunging panuwun ingkang tanpa pêpindhan dhumatêng para kadang-mitra ingkang sampun kêrsa angrawuhi Website ingkang sumadhiya.

2.
--- Pangajap WJG hambok bilih para kadang mitra ingkang kêrsa mbikak sarta maos sêratan punika,  manggih pêpalang anggènipun badhé lumêbêt wontên Website WJG, utawi manggih lêmbaran Website ingkang risak (risak, botên sagêd kawaos, lêpat panyêratipun), WJG mawantu-wantu anyênyadhong paringipun pangandikan dhumatêng panawung kridha WJG nun inggih :

1. Sutiadi Sêtyòdiharjò ---> nòmêr 
     WhatsApp : 081226608999
2. Agus Ariyanto ---> nomêr 
    WhatsApp 085291338999

--- Wasananing atur, WJG namung sagêd angaturakên matur agunging panuwun, kagêm para kadang-mitra ingkang sampun paring panjurung.

Mugi Gusti Ingkang Murbèng Dumadi tansah paring pitêdah sarta paring pangayoman dhumatêng kita sêdaya.
Aamiin.

Nuwun... nuwun... nuwun...matur nuwun.

                        --- wjg ---

---->  ana candhaké : UNGGAH-
         UNGGUHING  BASA III. 1. 

III. No. 4. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA MADYA NGOKO )

Ilustrasi, Foto Dening Edi Wibowo (Wikipedia Commons)


Unggah-Ungguhing Basa 4 :

Basa Madya Ngoko :

--- Basa Madya Ngoko iku titikané :

1. Têmbung-têmbungé madya kacampuran
     têmbung ngoko.


2. Têmbung-têmbung : 

Aku kula
Kowé dika (ndika)
Atêr-atêr dak kula
Atêr-atêr ko dika (ndika)
Atêr-atêr di panggah (ora owah)


Basa Madya Ngoko iku têgêsé : basa têngah-têngah; urmaté utawa taklimé dumunung ana ing antarané "ngoko" lan "krama". 


Katrangan Pênganggoné :

1. Bakul gunêman karo padha-padha
    bakul.

2. Wong désa utawa pangunungan jaman
     kuna.



Tuladha gunêm :

1. Dika wayah ngatên kok êmpun lunga
    têng pasar ?

2. Pundi ta woh-wohané sing bêcik-bêcik
    nika ?

3. La niku, napa kirang bêcik ?

4. Dadi yèn ajêng tuku sêlawé niku, botên
    kêna milih ?

5. La niki sêjinahé rêgané pintên ?


                      --- wjg ---


----> ana candhaké : BASA MADYA KRAMA
       III. 5. BASA

Wednesday, November 20, 2019

III. No.2. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA NGOKO LUGU )



Unggah-ungguhing Basa 2 :

 Basa Ngoko Lugu :

--- Basa Ngoko Lugu iku sarupaning basa kang têmbung-têmbungé Ngoko kabèh, ora ana têmbungé krama.


--- Wondéné pênganggoné yaiku :

1. Kanggo gunêm marang sapadhané 
    kang wis kulina bangêt anggoné 
    srawung.
2. Kanggo gunêm marang kang kaprênah 
    ênom.
3. Yèn pinuju ngunandika ( gunêman 
     dhéwé utawa nglairaké pangunêk-
     unêk ).
4. Kanggo gunêmé wong tuwa marang 
     anak, lan putuné.


--- Titikané yaiku :

1. Tumrap têmbung : aku, kowé 
     ---> panggah ( ajêg ).
2. Tumrap atêr-atêr : dak, ko, di 
     ( tripurusa ) ---> panggah ( ajêg ).
3. Tumrap panambang : ku, mu, é, aké,
     ---> uga panggah ( ajêg ).


--- Tuladha :
1. Gunêmé wong tuwa marang wong
     ênom :

1.1.  
---- Lo kok kowé Ja ( Samija ).  Suwé ora
      tau katon.  Mêntas lungan apa ?

1.2. 
--- Kowé apa nganggur Min ( Sarimin ) ?
    Yèn lagi nganggur dak kon nglaburaké
    omahku.



2. Gunêm marang sêpadhané :

2.1. 
--- Nur ( Nuryati ), cathêtané basa Jawa
    apa komplit/ganêp ?
    Yèn komplit/ganêp, aku dak
    nyilih sadhéla,  sésuk dak balèkaké.

2.2. 
--- Ya kana, nanging yèn wis rampung
     kobalèkaké tênan lo, aja mulur.



3. Gunêm ngunandika  ( gunêm ngêtokaké
     pangunêk-unêk ) :

3.1. 
--- Rumangsaku ora duwé luput karo Warti.
    Généa kok dhèwèké sajak nêsu karo 
    aku ?

3.2. 
--- É, urip ana alam donya sapisan baé
    kok ya ora dadi wong sugih.


                       --- wjg ---

-----> ana candhaké : BASA NGOKO
        ANDHAP  III. 3.

III. No. 1. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : PÉRANGAN UNGGAH-UNGGUHING BASA )




Unggah-ungguhing Basa 1 :

Pérangan Unggah-ungguhing Basa :

--- Unggah-ungguhing basa iku mujudaké sawijining tata-cara utawa patrap kanggo sêsrawungan kang nduwèni watak tata-krama utawa sopan-santun sajroning  gunêman, tumrap wong Jawa kang wis turun-tumurun.

--- Dadi wong gunêman iku kajaba ngèlingi dhapukaning têmbung kang kudu sampurna, isih kudu ngèlingi sapa sing diajak gunêm iku mau.

--- Gunêman karo wong tuwa, utawa karo wong kang luwih dhuwur drajaté/pangkaté, kuwi prayogané ora digawé padha karo yèn gunêman karo kanca kang wis wanuh bangêt utawa kulina, utawa wong kang luwih ênom.
Awit prayoga bangêt lamun.anyungga  utawa ngajèni wong kang diajak gunêm.

--- Wondéné unggah-ungguhing basa iku kang baku ana warna papat yaiku :

   1. BASA NGOKO
   2. BASA MADYA
   3. BASA KRAMA
   4. BASA KÊDHATON

--- Ing ngisor iki kapratélakaké cêngkorongan pambagining unggah-ungguhing basa Jawa :

1. BASA NGOKO :
1.1. Ngoko Lugu.
1.2. Ngoko Andhap : 2
       1.2.1. Antya Basa
       1.2.2. Basa Antya


2. BASA MADYA :
2.1. Madya Ngoko.
2.2. Madya Krama.
2.3. Madyantara.


3. BASA KRAMA :
3.1. Kramantara.
3.2. Mudha Krama.
3.3. Wrêdha Krama.
3.4. Krama Inggil.
3.5. Krama Désa.


4. BASA KÊDHATON :

--- Basa Kêdhaton iku sawênèh ana kang nyêbut Basa Bagongan, yaiku basa gunêm kang digunakaké ana ing sajroning kulawarga Kraton.

--- Basa kang wêrna-wêrna iku yêktiné ora diênggo gunêm kabèh, sing mêsthi kanggo yaiku : Basa Ngoko,  Basa Mudha Krama,  sarta Basa Krama Inggil tumrap kanggo nyungga kang diajak gunêm.


--- Éwasêmana, ora ana alané kita  nyumurupi basa-basa kabèh mau, supaya nambah sêsurupan.


                        --- wjg ---

----> ana candhaké : BASA NGOKO LUGU
        Bab. III. 2.

Sunday, November 17, 2019

I. ATUR PURWAKA

 

Atur Purwaka :

--- Nuwun kawula nuwun !
Sanggya sutrêsna WJG ingkang sangêt kinasih dahat sinudarsana.
Salam tabé aliman tabé mugi tinêbihna ing iladuni myang tulak sarik.

--- Minangka purwakaning atur, kawula ngraos prihatos kaliyan patrap utawi tindak-tanduk para kanéman jaman sapunika.
Langkung-langkung anak-putu, sarta buyut kula piyambak ingkang sasat wuta ing unggah-ungguh wontên ing alam sêsrawungan.
Napa malih babagan Kagunan Budaya ingkang adi-luhung punika, kathah ingkang sampun wuta ing anggêr-anggêripun.

--- Mila tan mokal, laku unggah-ungguh,  sarta kagunan budaya ingkang adi-luhung kasingkur dèning para anak-putu, sarta buyut.

--- Kanthi kawontênan punika WJG nêdya damêl sêsuluh minangka paugêran, ing pangajap sagêda dados anggêr-anggêr tumrap ingkang kasdu nyinaoni, sarana kawula simpên wontên blog Warung Jawa Gaul ( W.J.G. ).

--- Yêktosipun taksih têbih sêdaya sêratan ingkang kula damêl saking sampurnanipun, tumrap priyantun ingkang bontos utawi buntas ing kawruh babagan Kagunan Budaya.

--- Nanging sênadyanta kirang sampurna ingkang sinêrat wontên blog, isbatipun tan manggih pandam utawi obor ingkang padhang, mawi sunaring lilin sagêd  nyingkur saking swasana pêtênging sêsêrêpan.

--- Wasananing atur, mênawi wontên bab ingkang kirang damêl rêna ing panggalih, kawula mawantu-wantu anyênyadhong sih rumêntahing gung samodra pangaksama.

--- Salam WJG rahayu...rahayu...rahayu ingkang samya pinanggih.

Nuwun....nuwun....matur nuwun.

                      --- wjg ---

---> ana candhaké : ATUR PANGAJAP II.