Friday, May 1, 2020

XI. No. 44. C. 5. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : KAPUSTAKAN JAMAN SURAKARTA AWAL )

 

 Kasusastran Jawi 44 :


Kapustakan Jaman Surakarta Awal :

Pujangga-Pujangga ing Surakarta kang misuwur yaiku :

     I. Radèn Ngabèi Yasadipura I.
    II. Radèn Ngabèi Yasadipura II.
   III. Radèn Ngabèi Ranggawarsita.
   IV. Sunan Paku Buwana IV.
    V. Sunan Paku Buwana V.
  VI. Sunan Paku Buwana VII.
 VII. Sunan Paku Buwana IX.
VIII. Kangjêng Gusti Pangéran Adipati
        Arya Mangku Nagara IV.
  IX. Kyai Sindu Sastra.
   X. Pangéran Arya Kusumadilaga.
  XI. Kyai Rangga Among Sastra.


Katrangan :

I. R. Ng. Yasadipura I :

--- Buku-buku karayané yaiku :
  1. Arjuna Wiwaha.
  2. Sêrat Rama.
  3. Barata Yuda.
  4. Kitab Paniti Sastra.
  5. Déwa Ruci Jarwan.
  6. Sêrat Ménak.
  7. Sêrat Ambya.
  8. Tajusalatin.
  9. Cêbolèk.
10. Babad Giyanti :
 Dhèk jamané Sunan Paku Buwana II.

--- Déné ringkêsaning crita :
Pangéran Mangkubumi mbangkang,      
nganti nganakaké pasulayan.
Barêng Kartasura diasta déning Sunan  Paku Buwana III, Kraton Kartasura        
kabagi loro dadi Surakarta lan Ngayogyakarta. 

--- Nalika taun 1755 ; Pangéran Mangkubumi nampa bagian 
Ngayogyakarta, jumênêng Ratu kang kapisan jêjuluk : 
 " Sultan Hamengkubuwana I.  

--- Déné Surakarta kaparingaké " Sunan Pakubuwana III.
11. Babad Prayut :
 Isiné , têrusé Babad Giyanti.

II. R. Ng. Yasadipura II :

Radèn Ngabèi Yasadipura II uga  sinêbut Radèn Tumênggung Sastra Nagara.
Buku-Buku karyané yaiku :
1. Paniti Sastra Jawa.
2. Harjunasasra.
3. Babad Pakêpung :
     Déné isiné nyritakaké 
     " Sunan Pakubuwana  IV, dimungsuhi 
     Kompêni.
4. Darma Sunya.
5. Déwa Ruci Jarwa.
6. Sasanasunu.
7. Wicara Kêras.


III. R. Ng. Ranggawarsita :

Buku-buku karangané akeh bangêt, kayata :
 1. Paramayoga :
Isiné :
a. Nabi Adam lan turun-turunané.
b. Asal-usulé para Déwa.
c. Wiwitané tanah Jawa diênggoni manungsa.

 2. Jitabsara :
Isiné padha karo Paramayoga, 
mung basané luwih éndah.

 3. Pustaka Raja Purwa :
Isiné bab sarasilahé Ratu ing Tanah Jawa ; wiwit Btr. Guru, para Déwa, Ratu 
ing Ngastina, Kedhiri, Singasari,  
Majapait, Mataram, nganti têkan Surakarta.

  4. Cêmporèt :
Isiné nyritakaké Ratu ing nêgara      
Jêpara,  Bagêlèn, lan Prambanan.

  5. Aji Pamasa.

  6. Bratayuda Macapat.

  7. Kalatidha.

  8. Joko Lodhang.

  9. Panji Jayèng Tilam.

10. Witaradya.

11. Paramasastra.


IV. Sunan Paku Buwana IV :

 Buku karyané " Wulangrèh ".
 Isiné bab Piwulang bêcik sarta dhasaring   urip priyayi Surakarta.


  V. Sunan Paku Buwana V :

Buku karyané yaiku " Cênthini " kang kapérang dadi 8 jilid.
Isiné pêpak bangêt kayata :
1. Bab Agama.
2. Bab Ilmu Karawitan.
3. Bab Ilmu Bêksa.
4. Bab Dina Bêcik.
5. Bab Têmbang.
6. Bab Dongèng.


VI. Sunan Paku Buana VII :

Buku karyané :
1. Anggêr-anggêr Nawala Pradata kang isiné ngênani bab pradata.


VII. Sunan Paku Buwana IX :

Karangané yaiku " Buku Candrarini Wira Iswara " .


VIII. Kangjêng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangku Nagara IV ( KGPASMN IV ) :

Buku karangané kayata :
   1. Wédhatama.
   2. Salokatama.
   3. Tripama.
   4. Salokantara.
   5. Panêmbrama.
   6. Darmalaksita.
   7. Buratwangi.
   8. Sêndhon Langên Swara.
   9. Sêkar-sêkaran.
10. Panji Wulung.


IX. Kyai Sindusastra :

Buku karangané kayata :
1. Harjuna Sasrabahu.
2. Parta Krama.
3. Srikandhi Maguru Manah.
4. Sêmbadra Larung.
5. Cèkèl Wanèng Pati.


X. Pangéran Arya Kusumadilaga :

Buku karangané yaiku :
1. Jagal Abilawa.
2. Sêmar Jantur.
3. Sêrat Sastra Miruda.
Isiné bab piwulang pêdhalangan.


XI. Kyai Rangga Among Sastra :

Buku karangané yaiku " Sêrat Kancil " .


XII. Radén Manyura :
Ngarang buku bab Katuranggan.


XIII. Ngabèi Yudasara :

Ngarang buku " Baron Sêkèbêr ".



                        --- wit ---


---->   ana candhaké : 
         BAB : PUSTAKAN JAMAN  
         SAIKI XI. 45. C. 6.


0 comments:

Post a Comment