Friday, May 1, 2020

XI. No. 42. C. 3. KASUSASTRAN JAWI ( BAB KAPUSTAKAN JAMAN ISLAM )

 

Kasusastran Jawi 42. :


Kapustakan Jaman Islam :

     Kapustakan ing Jaman Islam kang luwih kawéntar ana wolung ( 8 )  pustaka yaiku :

1. Layang Suluk Sukarsa :
--- Kang ngripta " Sunan Bonang " .
Déné isiné ngandharaké bab Agama Islam.

2. Suluk Malang Sumirang :
--- Kang ngripta " Sunan Panggung " .
Déné isiné nyritakaké carané nggayuh kasampurnaning urip.

3. Kitab Niti Sruti :
--- Karipta dèning " Pangéran Karanggayam " ing Pajang.
Déné isiné momot piwulang bêcik lan bab ngèlmu kasêktèn.

4. Kitab Niti Praja :
--- Karipta dèning " Sultan Agung " .
Isiné bab awèh tuntunan marang wong kang nduwé kalungguhan, carané mimpin rakyaté.

5. Kitab Ménak :
--- Kang ngarang " Ki Carik Narawita " mantuné wong Walanda, amarga diutus Kanjêng Ratu Mas Balitar garwa dalêm Sunan Paku Buwana I, taun 1717 M.
    Dina Jêmuwah 17 Rêjêb Dal, Wuku Marakèh, Mangsa Kasa 1639 Jw ( 1717 ).
Sinêngkalan :

     ~~* Lènging Wêlut Rasa Purun *~~

     Déné isiné nyritakaké Wong Agung Ménak ( Jayèngrana ) ratu ing Kuparman , mêmungsuhan karo Prb. Nusirwan 
( Nurséwan ) ratu ing Mêdayin.
     Jayèngrana nggarwa Déwi Muninggar putra-putriné Prb. Nurséwan.
Jayèngrana agamané Islam, Nurséwan kapir. 
 Karépé Jayèngrana, Nurséwan mlêbu Islam, nanging ora kêpranan ndadèkaké pêpêrangan nganti suwé bangêt.
      Crita kasêbut asalé saka tanah Pèrsia, kagawa déning para sambéwara, lumêbu ing Tanah Jawa.

6. Kitab Manik Maya :
--- Karipta déning " Karta Mursadah ".
Déné isiné nyritakaké dumadiné jagad raya saisiné kabèh.
     Sang Hyang Manik dadi Bathara Guru.
     Sang Hyang Maya  dadi Sêmar.
     Sang Hyang Antaga dadi Togog.
Uga nyritakaké Btr. Kanékaputra, Btr. Kala sarta nyritakaké Aji Saka.

7. Kitab Anbiya :
--- Pêngarangé ora dimangêrtèni.
Déné isiné nyritakaké para Nabi lan purwaning dumadiné jagad.

8. Pêpali :
--- Kaanggit dèning " Ki Ageng Séla ".
Déné isiné piwulang budi-pakêrti.


                          --- wjg ---


-----> ana candhaké : 
        BAB : KAPUSTAKAN JAMAN
        MATARAM XI. 43. C. 4

0 comments:

Post a Comment