.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Atur Purwaka

--- Nuwun kawula nuwun !
Sanggya sutresna WJG ingkang sanget kinasih dahat sinudarsana.
Salam tabé aliman tabé mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik.
--- Minangka purwakaning atur, kawula ngraos prihatos kaliyan anak, putu, sarta buyut kula piyambak babagan Seni sarta Budaya ingkang adi-luhung punika, kathah ingkang sampun wuta ing angger-anggeripun.
--- Mila tan mokal laku unggah-ungguh, seni sarta budaya ingkang adi-luhung kasingkur dening para anak, putu, sarta buyut.
--- Kanthi kawontenan punika WJG nedya damel sesuluh minangka paugeran ing pangajap, sageda dados angger-angger tumrap ingkang kasdu nyinaoni, sarana kawula simpen wonten blog WJG.
--- Yektosipun taksih tebih saking saking sampurnanipun tumrap priyantun ingkang bontos ing kawruh babagan Seni Sarta Budaya.
Nanging sendyanta kirang sampurna ingkang sinerat wonten blog, ibaratipun tan manggih obor ingkang padhang, mawi sunaring lilin saged nyingkur saking swasana peteng.
--- Wasananing atur menawi wonten bab ingkang kirang damel rena ing panggalih, kawula mawantu-wantu anyenyadhong sih rumentahing gung samodra pangaksama.
--- Salam WJG rahayu...rahayu...rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun.

Friday, May 1, 2020

XI. No. 45. A. 6. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : KAPUSTAKAN JAMAN SAIKI )

 

Kasusastran Jawi  45 :


Kapustakan Jaman Saiki 
( wiwit taun 1900 - ...)

      Kapustakan jaman saiki yaiku wiwit taun 1900 - ...

Kapustakan jaman saiki ana wolung pujangga kang karangané misuwur yaiku :


I. Ki Padmasusastra :
        Buku karangané yaiku :
1. Rangsang Tuban.
2. Layang Wangsalan.
3. Tatacara.
4. Paramabasa.
5. Warnabasa.
6. Pathibasa.
           Karangan kasêbut mèh kabèh awujud gancaran.


II. Ki Mangunwijaya :
        Buku karangané yaiku :
1. Sêrat Purwakanthi.
2. Tri Laksita.
3. Asmaralaya.
4. Gita-Gati.


III. R. B. Sulardi :
       Buku karangané kang dimangêrtèni umum yaiku mung siji :
1. Sêrat Riyanto.


IV. R. Ng. Suradipura :
        Karangané kang misuwur yaiku :
1. Babad Mangir.
Isiné buku :
    Nyritakaké Ki Agêng Mangir sumêdya mbaléla marang Ratu      Mataram/Panêmbahan Sénapati, amarga ngêndêlaké duwé pusaka kang ampuh awujud tumbak aran " Kyai Baru Kuping ".
    Miturut critané, kadadéan saka ilaté ula upas.
       Wusana Ki Agêng Mangir bisa kapêrjaya kanthi cara dipilut déning putra putriné Sang Prabu dhéwé kang sêsilih Dèwi Pêmbayun. 
      Dèwi Pêmbayun mula banjur dadi garwané Ki Agêng Mangir.
        Barêng Ki Agêng Mangir séda olehé nyarèkaké, padharan munggah têkan mustaka ana njêron bètèng mêrga putra mantu, saka padharan tumêka samparan ana ing jaba bètèng mêrga mungsuh.

V.  W. Y. S. Poerwadarminta :
          Buku karyané yaiku :
1. Pamardi Kawi.
2. Bausastra Jawa.
3. Sarining Paramasastra.


VI.  M. Yasa Widagda :
      Buku karangané yaiku :
1. Jarot.
2. Purasani.
3. Mitradarma.


VII. Prof. Dr. Widagda :
        Buku karyané yaiku :
1. Kapustakan Jawi.
2. Niti Sastra.

     Sarta buku-buku Jawa Kuna nganggo basa Walanda :
1. Arjuna Wiwaha.
2. Calon Arang.
3. Baratayuda.
4. Déwa Ruci.
5. Suluk Wujil.


KASUSASTRAN CUNTHÊL.


                   --- wjg --


----> ana candhaké : 
       BAB : XII PAUGÊRAN NULIS TÊMBUNG
      JAWA NGANGGO AKSARA JAWA 
    

XI. No. 44. C. 5. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : KAPUSTAKAN JAMAN SURAKARTA AWAL )

 

 Kasusastran Jawi 44 :


Kapustakan Jaman Surakarta Awal :

Pujangga-Pujangga ing Surakarta kang misuwur yaiku :

     I. Radèn Ngabèi Yasadipura I.
    II. Radèn Ngabèi Yasadipura II.
   III. Radèn Ngabèi Ranggawarsita.
   IV. Sunan Paku Buwana IV.
    V. Sunan Paku Buwana V.
  VI. Sunan Paku Buwana VII.
 VII. Sunan Paku Buwana IX.
VIII. Kangjêng Gusti Pangéran Adipati
        Arya Mangku Nagara IV.
  IX. Kyai Sindu Sastra.
   X. Pangéran Arya Kusumadilaga.
  XI. Kyai Rangga Among Sastra.


Katrangan :

I. R. Ng. Yasadipura I :

--- Buku-buku karayané yaiku :
  1. Arjuna Wiwaha.
  2. Sêrat Rama.
  3. Barata Yuda.
  4. Kitab Paniti Sastra.
  5. Déwa Ruci Jarwan.
  6. Sêrat Ménak.
  7. Sêrat Ambya.
  8. Tajusalatin.
  9. Cêbolèk.
10. Babad Giyanti :
 Dhèk jamané Sunan Paku Buwana II.

--- Déné ringkêsaning crita :
Pangéran Mangkubumi mbangkang,      
nganti nganakaké pasulayan.
Barêng Kartasura diasta déning Sunan  Paku Buwana III, Kraton Kartasura        
kabagi loro dadi Surakarta lan Ngayogyakarta. 

--- Nalika taun 1755 ; Pangéran Mangkubumi nampa bagian 
Ngayogyakarta, jumênêng Ratu kang kapisan jêjuluk : 
 " Sultan Hamengkubuwana I.  

--- Déné Surakarta kaparingaké " Sunan Pakubuwana III.
11. Babad Prayut :
 Isiné , têrusé Babad Giyanti.

II. R. Ng. Yasadipura II :

Radèn Ngabèi Yasadipura II uga  sinêbut Radèn Tumênggung Sastra Nagara.
Buku-Buku karyané yaiku :
1. Paniti Sastra Jawa.
2. Harjunasasra.
3. Babad Pakêpung :
     Déné isiné nyritakaké 
     " Sunan Pakubuwana  IV, dimungsuhi 
     Kompêni.
4. Darma Sunya.
5. Déwa Ruci Jarwa.
6. Sasanasunu.
7. Wicara Kêras.


III. R. Ng. Ranggawarsita :

Buku-buku karangané akeh bangêt, kayata :
 1. Paramayoga :
Isiné :
a. Nabi Adam lan turun-turunané.
b. Asal-usulé para Déwa.
c. Wiwitané tanah Jawa diênggoni manungsa.

 2. Jitabsara :
Isiné padha karo Paramayoga, 
mung basané luwih éndah.

 3. Pustaka Raja Purwa :
Isiné bab sarasilahé Ratu ing Tanah Jawa ; wiwit Btr. Guru, para Déwa, Ratu 
ing Ngastina, Kedhiri, Singasari,  
Majapait, Mataram, nganti têkan Surakarta.

  4. Cêmporèt :
Isiné nyritakaké Ratu ing nêgara      
Jêpara,  Bagêlèn, lan Prambanan.

  5. Aji Pamasa.

  6. Bratayuda Macapat.

  7. Kalatidha.

  8. Joko Lodhang.

  9. Panji Jayèng Tilam.

10. Witaradya.

11. Paramasastra.


IV. Sunan Paku Buwana IV :

 Buku karyané " Wulangrèh ".
 Isiné bab Piwulang bêcik sarta dhasaring   urip priyayi Surakarta.


  V. Sunan Paku Buwana V :

Buku karyané yaiku " Cênthini " kang kapérang dadi 8 jilid.
Isiné pêpak bangêt kayata :
1. Bab Agama.
2. Bab Ilmu Karawitan.
3. Bab Ilmu Bêksa.
4. Bab Dina Bêcik.
5. Bab Têmbang.
6. Bab Dongèng.


VI. Sunan Paku Buana VII :

Buku karyané :
1. Anggêr-anggêr Nawala Pradata kang isiné ngênani bab pradata.


VII. Sunan Paku Buwana IX :

Karangané yaiku " Buku Candrarini Wira Iswara " .


VIII. Kangjêng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangku Nagara IV ( KGPASMN IV ) :

Buku karangané kayata :
   1. Wédhatama.
   2. Salokatama.
   3. Tripama.
   4. Salokantara.
   5. Panêmbrama.
   6. Darmalaksita.
   7. Buratwangi.
   8. Sêndhon Langên Swara.
   9. Sêkar-sêkaran.
10. Panji Wulung.


IX. Kyai Sindusastra :

Buku karangané kayata :
1. Harjuna Sasrabahu.
2. Parta Krama.
3. Srikandhi Maguru Manah.
4. Sêmbadra Larung.
5. Cèkèl Wanèng Pati.


X. Pangéran Arya Kusumadilaga :

Buku karangané yaiku :
1. Jagal Abilawa.
2. Sêmar Jantur.
3. Sêrat Sastra Miruda.
Isiné bab piwulang pêdhalangan.


XI. Kyai Rangga Among Sastra :

Buku karangané yaiku " Sêrat Kancil " .


XII. Radén Manyura :
Ngarang buku bab Katuranggan.


XIII. Ngabèi Yudasara :

Ngarang buku " Baron Sêkèbêr ".



                        --- wit ---


---->   ana candhaké : 
         BAB : PUSTAKAN JAMAN  
         SAIKI XI. 45. C. 6.


XI. No. 43. C. 4. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : KAPUSTAKAN JAMAN MATARAM )

 

Kasusastran Jawi 43 :


Kapustakan Jaman Mataram :

      Kapustakan ana ing jaman Mataram kang disumurupi déning wong umum amung ana limang Pujangga kang misuwur kayata :

1. Pranacitra :
--- Kang ngripta yaiku " Rangga Janur ".
Déné isiné nyritakaké :
Tumênggung Wiraguna ing Mataram sawisé bisa mbêdhah Kadhipatèn Pati, nampa ganjaran putri boyongan aran   " Rara Mêndut ", kang sulistya ing warna.
         Nanging Rara Mêndut ora gêlêm kaboyong ana ing Katêmênggungan Mataram, awit wis gandhèng konca karo Pranacitra saka Batakêncêng.
         Wusana karo-karoné oncat saka Katêmênggungan lumayu tumêka Kali Opak kang lagi banjir.
Kasusul utusané Tumênggung Wiraguna, karoné bisa kacêkêl.
          Pranacitra dipêrjaya nganti tumêka patiné, banjur Rara Mêndut suduk slira béla pati.



2. Buku Karangané Pangéran Adilangu :
       a. Babad Pêjajaran.
       b. Babad Majapait.
       c. Babad Mataram.
       d. Jayabaya Winangun.


3. Buku Karangané Carik Bajra :
       a. Babad Kartasura.
       b. Damarwulan.
       c. Dasanama.
       d. Carakabasa.


4. Buku Karangané Sunan Giri :
        a. Pawukon.
        b. Jayabaya Winangun.



                           --- wjg ---


-----> ana candhaké : 
        BAB : KAPUSTAKAN JAMAN  
        SURAKARTA AWAL  XI. 44. C. 5
      
       

XI. No. 42. C. 3. KASUSASTRAN JAWI ( BAB KAPUSTAKAN JAMAN ISLAM )

 

Kasusastran Jawi 42. :


Kapustakan Jaman Islam :

     Kapustakan ing Jaman Islam kang luwih kawéntar ana wolung ( 8 )  pustaka yaiku :

1. Layang Suluk Sukarsa :
--- Kang ngripta " Sunan Bonang " .
Déné isiné ngandharaké bab Agama Islam.

2. Suluk Malang Sumirang :
--- Kang ngripta " Sunan Panggung " .
Déné isiné nyritakaké carané nggayuh kasampurnaning urip.

3. Kitab Niti Sruti :
--- Karipta dèning " Pangéran Karanggayam " ing Pajang.
Déné isiné momot piwulang bêcik lan bab ngèlmu kasêktèn.

4. Kitab Niti Praja :
--- Karipta dèning " Sultan Agung " .
Isiné bab awèh tuntunan marang wong kang nduwé kalungguhan, carané mimpin rakyaté.

5. Kitab Ménak :
--- Kang ngarang " Ki Carik Narawita " mantuné wong Walanda, amarga diutus Kanjêng Ratu Mas Balitar garwa dalêm Sunan Paku Buwana I, taun 1717 M.
    Dina Jêmuwah 17 Rêjêb Dal, Wuku Marakèh, Mangsa Kasa 1639 Jw ( 1717 ).
Sinêngkalan :

     ~~* Lènging Wêlut Rasa Purun *~~

     Déné isiné nyritakaké Wong Agung Ménak ( Jayèngrana ) ratu ing Kuparman , mêmungsuhan karo Prb. Nusirwan 
( Nurséwan ) ratu ing Mêdayin.
     Jayèngrana nggarwa Déwi Muninggar putra-putriné Prb. Nurséwan.
Jayèngrana agamané Islam, Nurséwan kapir. 
 Karépé Jayèngrana, Nurséwan mlêbu Islam, nanging ora kêpranan ndadèkaké pêpêrangan nganti suwé bangêt.
      Crita kasêbut asalé saka tanah Pèrsia, kagawa déning para sambéwara, lumêbu ing Tanah Jawa.

6. Kitab Manik Maya :
--- Karipta déning " Karta Mursadah ".
Déné isiné nyritakaké dumadiné jagad raya saisiné kabèh.
     Sang Hyang Manik dadi Bathara Guru.
     Sang Hyang Maya  dadi Sêmar.
     Sang Hyang Antaga dadi Togog.
Uga nyritakaké Btr. Kanékaputra, Btr. Kala sarta nyritakaké Aji Saka.

7. Kitab Anbiya :
--- Pêngarangé ora dimangêrtèni.
Déné isiné nyritakaké para Nabi lan purwaning dumadiné jagad.

8. Pêpali :
--- Kaanggit dèning " Ki Ageng Séla ".
Déné isiné piwulang budi-pakêrti.


                          --- wjg ---


-----> ana candhaké : 
        BAB : KAPUSTAKAN JAMAN
        MATARAM XI. 43. C. 4