.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Atur Purwaka

--- Nuwun kawula nuwun !
Sanggya sutresna WJG ingkang sanget kinasih dahat sinudarsana.
Salam tabé aliman tabé mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik.
--- Minangka purwakaning atur, kawula ngraos prihatos kaliyan anak, putu, sarta buyut kula piyambak babagan Seni sarta Budaya ingkang adi-luhung punika, kathah ingkang sampun wuta ing angger-anggeripun.
--- Mila tan mokal laku unggah-ungguh, seni sarta budaya ingkang adi-luhung kasingkur dening para anak, putu, sarta buyut.
--- Kanthi kawontenan punika WJG nedya damel sesuluh minangka paugeran ing pangajap, sageda dados angger-angger tumrap ingkang kasdu nyinaoni, sarana kawula simpen wonten blog WJG.
--- Yektosipun taksih tebih saking saking sampurnanipun tumrap priyantun ingkang bontos ing kawruh babagan Seni Sarta Budaya.
Nanging sendyanta kirang sampurna ingkang sinerat wonten blog, ibaratipun tan manggih obor ingkang padhang, mawi sunaring lilin saged nyingkur saking swasana peteng.
--- Wasananing atur menawi wonten bab ingkang kirang damel rena ing panggalih, kawula mawantu-wantu anyenyadhong sih rumentahing gung samodra pangaksama.
--- Salam WJG rahayu...rahayu...rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun.

Friday, November 29, 2019

III. No. 19. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : KRAMA INGGIL PÉRANGANÉ AWAK )




Unggah-Ungguhing Basa  19 :


Krama Inggil Péranganing Awak :

--- Lamun anuju gunêm kang nganggo têmbung-têmbung aran péranganing awak, supaya luwih ngajèni ( taklim ) prayoga migunakaké têmbung-têmbung kang apik ing rasa, éndah ing pangrungon, minangka tandha angrêgani, angurmati tumrap kang digunêm.

--- Ing ngisor iki têmbung-têmbung krama inggil tumrap péranganing awak sarta têmbung kang ana sêsambungané karo kahanan awak, kaurut saka pérangan ndhuwur dhéwé nganti tumêka ngisor.

--- Têmbung-têmbungé yaiku :

  1Rambutkrama inggilérikma
  2Unyêng-unyêngkrama inggilépanêngêran
  3Sirahkrama inggilémustaka
  4Êmbun-êmbunkrama inggilépasundhulan.
  5Bathukkrama inggilépalarapan
  6Aliskrama inggiléimba
  7Idêpkrama inggiléibing
  8Mripatkrama inggilésoca
  9Êluhkrama inggiléwaspa
10Kêdhèpkrama inggilékêjêp
11Tlapukankrama inggilépakêjêpan
12Irungkrama inggilégrana
13Umbêlkrama inggilégadhing
14Pipikrama inggilépangarasan
15Ngambungkrama inggiléngaras
16Raikrama inggiléwadana, pasuryan
17Raupkrama inggilésuryan
18Lambékrama inggilélathi
19Angopkrama inggilégraita
20Untukrama inggiléwaos, waja
21Gusikrama inggiléwikisan
22Ompongkrama inggilégutuk, dhaut
23Cangkêmkrama inggilétutuk/wadana
24Ilatkrama inggilélidhah
25Mamahkrama inggilégilut
26Brêngoskrama inggilégumbala (Solo)
26Brêngoskrama inggilérawis (Jogja)
27Janggutkrama inggilékêthêkan/ sêdhêgan
28Jènggotkrama inggilégumbala
29Watukkrama inggilécêkoh
30Idukrama inggilékêcoh
31Riyakkrama inggiléjlagra
32Kêmukrama inggilégurah
33Muntahkrama inggiléluntak
34Wahingkrama inggilésigra
35Sisikrama inggilésêmprit
36Kupingkrama inggilétalingan
37Suwêngkrama inggilésêngkang
38Githokkrama inggilégriwa/julukan
39Gulukrama inggiléjangga
40Gêlungkrama inggiléukêl
41Nangiskrama inggilémuwun
42Kalungkrama inggilésangsangan
43Pundhakkrama inggilépamidhangan
44Awakkrama inggilésalira
45Dhadhakrama inggiléjaja
46Gêgêrkrama inggilépungkuran
47Igakrama inggiléunusan
48Susukrama inggilépayudara/ prêmbayun
49Wêtêngkrama inggilépadharan
50Mêtêngkrama inggilémbobot/ nggarbini
51Ususkrama inggiléjaringan
52Wudêlkrama inggilépusêr/tuntunan
53Bangkékankrama inggilépamêkak
54Tangankrama inggiléasta
55Drijikrama inggiléracikan
56Epèk-epèkkrama inggilétapak asta
57Tandha tangankrama inggilétapak asta
58Kukukrama inggilékênaka
59Sikutkrama inggilésiku
60Ali-alikrama inggilékalpika
61Gêlangkrama inggilébinggêl
62Kringêtkrama inggilériwé
63Bokongkrama inggilébocong
64Kêmbênkrama inggilékasêmêkan
65Pawadonankrama inggilébadhong
66Klêntitkrama inggiléprana
67Palanangankrama inggilékalam
68Supitkrama inggilétètès
69Nguyuhkrama inggiléturas
70Bêbuwangkrama inggilébobotan
71Cébokkrama inggilécawik
72Ngêntutkrama inggilésarib
73Sikilkrama inggilésampar/ sampéyan
74Pupukrama inggiléwêntis
75Dhêngkulkrama inggiléjêngku
76Kémpolkrama inggiléwêngkêlan
77Wudunkrama inggiléuntar
78Wudakrama inggilélukar
79Tungkakkrama inggilébubutan
80Têkênkrama inggilélantaran




                        --- wjg ---


----> ana bacuté WÊWATON PANULISING
       TÊMBUNG JAWA NGANGGO AKSARA
       LATIN IV. No. 1


Tuesday, November 26, 2019

III. No. 18. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA NGOKO KAJARWA KRAMA INGGIL )





Unggah-Ungguhing Basa 18 :


Basa Ngoko Kajarwa Krama Inggil :

Anakkrama inggiléputra
Ari-arikrama inggiléaruman
Arankrama inggiléasma
Arêpkrama inggilékêrsa
Akukrama inggilékawula
Akonkrama inggilédhawuh
Aduskrama inggilésiram
Adêgkrama inggiléjênêng
Madêgkrama inggiléjumênêng
Atikrama inggilépanggalih/ galih
Awèhkrama inggiléatur, caos, paring
Awakkrama inggilésalira
Aliskrama inggiléimba
Adhikrama inggilérayi
Ajangkrama inggiléambêngan/ ambêng
Ambungkrama inggiléaras
Anggokrama inggiléagêm
Angobkrama inggilénggraita
Anggarap sarikrama inggilétarab





Burikrama inggilépêngkêran
Buburukrama inggilébêbêdhag
Borèhkrama inggilékonyoh
Brêngoskrama inggilégumbala ( Solo ), rawis ( Ngayoja )
Bokongkrama inggilébocong
Baturkrama inggiléabdi
Batur wadonkrama inggilépara nyai
Batur lanangkrama inggilépunakawan
Balungkrama inggilétosan
Bapakrama inggilérama
Bojokrama inggilégarwa
Biyungkrama inggiléibu
Bêbêdkrama inggilényamping
Bubuang ( bérak )krama inggilébobotan
Bathukkrama inggilélarapan/palarapan
Bungahkrama inggilésuka
Bangkékankrama inggilépamêkak.





Cuculkrama inggilélukar
Cukurkrama inggiléparas
Cêkêlkrama inggiléasta
Dicêkêlkrama inggilédipun asta
Céwokkrama inggilécawik
Cêlathukrama inggiléngandika
Cangkêmkrama inggilétutuk
Cêmêthikrama inggilétêmbung





Dandan ( manganggo )krama inggilébusana
Drijikrama inggiléracikan
Dodot ( jarit dawa )krama inggilékampuh
Duwékrama inggilékagungan
Dolankrama inggilécangkrama/ amêng-amêng
Dhadhakrama inggiléjaja
Dhangankrama inggilésênggang
Dhêngkulkrama inggiléjêngku






Endêm ( mêndêm )krama inggiléwuru
Êntutkrama inggilésarip
Ênomkrama inggilétimur
Éwuh ( kéwuhan )krama inggiléèmêng
Èlu ( mèlu )krama inggiléndhèr3k
Êluhkrama inggiléwaspa
Èpèkkrama inggilépundhut
Êmbahkrama inggilééyang
Êmbuhkrama inggilépangapuntên dalêm
Êmbun-êmbunankrama inggilépasundhulan
Èmpèrkrama inggilégadri





Gunêmankrama inggiléngandika
Gêtunkrama inggilégêtun
Gusikrama inggiléwikisan
Gawékrama inggiléyasa
Gulukrama inggiléjangga
Gêlêmkrama inggilékarsa ( kêrsa )
Gêlangkrama inggilébinggêl
Gêlungkrama inggiléukêl
Godhègkrama inggilégumbala
Gumunkrama inggiléngungun
Gugu ( nggugu )krama inggiléndhahar
Gugahkrama inggiléwungu
Gêgêrkrama inggilépêngkêran
Githokkrama inggiléjulukan




Inêpkrama inggilényaré
Icip ( ngicipi )krama inggiléngêdhapi
Irungkrama inggilégrana
Ikêtkrama inggilédhêstar
Idin/idikrama inggilépalilah
Idukrama inggilékecoh
Isinkrama inggilélingsêm
Ilatkrama inggilélidhah
Iyakrama inggilésêndika
Igakrama inggiléunusan






Jênatkrama inggiléswargi
Jênêngkrama inggiléasma
Jarankrama inggilétitihan
Jisimkrama inggilélayon
Jalukkrama inggilésuwun/ pundhut
Jupukkrama inggilépundhut
Jamukrama inggiléloloh
Jagakrama inggilétungguk
Jogèdkrama inggilébêksa
Jungkat ( sisir )krama inggilépêthat
Janggutkrama inggilésadhêgan
Jènggotkrama inggilégumbala






Kêna krama inggilé kaparêng
Kandha krama inggilé ngandikan
Kinang krama inggilé gantèn
Kacu krama inggilé usap asta
Kêris krama inggilé wangkingan
Karêp krama inggilé karsa
Kramas krama inggilé jamas
Kringêt krama inggilé riwé
Kuku krama inggilé kênaka
Kakang krama inggilé raka
Kowé krama inggilé panjênêngan
Kluron krama inggilé têrag
Kuluk krama inggilé makutha ( Sala ), pangkidan ( Ngayoja )
Kalung krama inggilé sangsangan
Klêngêr krama inggilé kapidara/kantu
Kêplayu krama inggilé kèngsêr
Kuping krama inggilé talingan
Kêdhèp krama inggilé kêjêp
Kêmu krama inggilé kêmbêng
Kêmul krama inggilé singêp
Kémpol krama inggilé wêngkêlan
Kêmbên krama inggilé kasêmêkan
Kagèt krama inggilé kêjot
Kuburan krama inggilé pasaréyan
Kobokan krama inggilé wijikan
Kathok krama inggilé lancingan
Kongkon krama inggilé utus






Lairkrama inggilémiyos
Lanangkrama inggilékakung
Lanang-wadonkrama inggilékakung-putri/ sarimbit
Lucukrama inggilécucut
Larakrama inggilégêrah
Lèrènkrama inggilélêrêp
Lakukrama inggilétindak/têdhak
Lilihkrama inggilélêjar
Layangkrama inggilénawala
Lambékrama inggilélathi
Lungakrama inggilétindak
Lungguhkrama inggilélênggah






Mainkrama inggilékasukan
Mêndêmkrama inggiléwuru
Marikrama inggilésênggang
Mêrêmkrama inggilékêjêp
Madêgkrama inggiléjumênêng
Matakrama inggilésoca/ paningal
Matikrama inggiléséda/ surud
Mêtêngkrama inggilémbobot
Mulihkrama inggilékondur
Mêlèkkrama inggiléwungu
Mlakukrama inggilétindak
Mudhunkrama inggilémêdhak
Mayitkrama inggilélayon
Mamahkrama inggilégilut
Mumêtkrama inggilépuyêng
Mangankrama inggilédhahar
Minggatkrama inggilélolos




Nêsukrama inggiléduka
Nangiskrama inggilémuwun




Omahkrama inggilédalêm
Ompongkrama inggilédhaut/ gutuk
Omongkrama inggiléngadika






Paidonkrama inggilékêcohan
Pandongakrama inggilépangèstu
Pundhakkrama inggilépamidhangan
Pondhokkrama inggilésanggrah
Pondhokankrama inggilépasanggrahan
Pêndhêmkrama inggilépêtak
Prawankrama inggilékênya
Pikirkrama inggilépanggalih
Putukrama inggiléwayah
Pétankrama inggiléulik
Paturonkrama inggilépasaréyan
Pawadonankrama inggilébadhong
Planangankrama inggilékalam
Pipikrama inggilépangarasan
Pupukrama inggiléwêntis
Pupurkrama inggilétasik
Pupakkrama inggilédhaut
Pijêtkrama inggiléginda
Payungkrama inggilésongsong
Pembarêpkrama inggilépambayun
Panganankrama inggilédhaharan
Pangurkrama inggilékêthik
Pangilonkrama inggilépaningalan
Pagawéyankrama inggiléayahan
Panggulukrama inggilépanênggak
Panganggokrama inggilébusana/ agêm-agêman




Raikrama inggiléwadana/ pasuryan
Raupkrama inggilésuryan
Rokokkrama inggilésês
Riyakkrama inggiléjlagra
Rambutkrama inggilérikma/ réma
Rabikrama inggilékrama
Rungu ( krungu )krama inggilémidhangêt
Rangkulkrama inggilépêluk
Rungkêbkrama inggilésungkêm






Sênêngkrama inggilérêna/ suka
Sirahkrama inggilémustaka
Srêngênkrama inggiléduka
Sikutkrama inggilésiku
Sikilkrama inggilésamparan/ sampéyan
Sisikrama inggilésêmprit
Susukrama inggiléprêmbayun/ payudara
Susahkrama inggilésêkêl
Susurkrama inggilépanasar
Sisigkrama inggilélathi
Silihkrama inggiléampil
Silitkrama inggiléwajidan
Sêlirkrama inggiléampéyan/ klangênan
Slamêtkrama inggilésugêng
Sapihkrama inggilépêgêng
Sumurupkrama inggiléuninga/ pirsa
Sêmbahyangkrama inggilésujud
Sêgakrama inggilédhaharan
Sabukkrama inggilépaningsêt






Tindhikkrama inggilétètès
Turukrama inggilésaré
Turunkrama inggilétêdhak
Têkakrama inggilérawuh
Takonkrama inggiléndangu
Tèkên ( tandha tangan )krama inggilétapak asta
Têtakkrama inggilésupit/tètès
Têsmak ( kaca mata )krama inggilékaca tingal
Tapihkrama inggilényamping
Tumakrama inggiléitik
Tangikrama inggiléwungu
Tangankrama inggiléasta
Tunggangkrama inggilétitih
Tunggangankrama inggilétitihan






Undangkrama inggiléatur/ timbal
Ngundangkrama inggiléngaturi/ nimbali
Untukrama inggiléwaja
Ududkrama inggiléêsês
Ususkrama inggiléjaringan
Umbêlkrama inggilégadhing
Unyêng-unyêngkrama inggilépanêngêran
Uyuhkrama inggiléturas
Umurkrama inggiléyuswa





Wêruhkrama inggilépirsa/ uninga
Wadonkrama inggiléputri
Wudêlkrama inggilépusêr
Wêtukrama inggiléwiyos
Wêtonkrama inggiléwiyosan
Wisuhkrama inggiléwijik
Wahingkrama inggilésigra
Wudakrama inggilélukar
Wudunkrama inggiléuntar
Wudunênkrama inggiléuntarên
Watukkrama inggilécêkoh
Wêtêngkrama inggilépadharan.



                           --- wjg ---

-----> ana candhaké III. 19. KRAMA INGGIL
        PÉRANGANÉ AWAK  VI. 

Monday, November 25, 2019

III. No. 17. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA NGOKO KAJARWA KRAMA )






Unggah-Ungguhing Basa 17  :


1. Basa Ngoko Kajarwa Basa Krama
     ( mburu cukup ) :




Ana kramané wontên
Antara kramané antawis
Aran kramané nama
Arêp kramané badhé
Arêp lunga kramané badhé késah
Arang kramané awis
Aku kramané kula
Akèh kramané kathah
Akon kramané akên
Adu kramané abên
Adoh kramané tebih
Adol kramané sadé
Adang kramané bêthak
Asu kramané sêgawon
Awan kramané siang
Awak kramané badan
Ali-ali kramané susupé
Alas kramané wana
Alang-alang kramané kambêngan
Apura kramané apuntên
Apik kramané saé
Adhêm kramané asrêp
Aja kramané sampun/ ampun
Aji kramané aos
Ayo kramané sumangga/ mangga
Abang kramané abrit
Anyar kramané énggal
Ambu kramané ambêt
Agama kramané agami
Abot kramané awrat
Angon kramané angèn






Banjurkramanélajêng
Bocahkramanélaré
Bêcikkramanésaé
Bacutkramanélajêng
Burikramanéwingking
Burukramanébujêng
Bêraskramanéuwos
Bukakkramanébikak
Bakalkramanébadhé
Batakramanébanon
Butakramanédanawa
Butuhkramanébêtah
Batinkramanébatos
Baturkramanéréncang
Bisakramanésagêd
Bésukkramanébènjing
Buangkramanébucal
Balikramanéwangsul
Bêlèhkramanépragad
Budhalkramanébidhal
Banyukramanétoya
Bubarkramanébibar
Bubrahkramanébibrah
Barêngkramanésarêng
Bobotkramanéwawrat
Bêngikramanédalu
Bungahkramanébingah
Bangêtkramanésangêt






Cêndhakkramanécêlak
Caritakramanécarios
Cêkêlkramanécêpêng
Cukupkramanécêkap
Cilikkramanéalit
Cêlathukramanéwicantên
Cèlèngkramanéandhapan
Cêdhakkramanécêlak
Cobakramanécobi







Dinakramanédintên
Dandankramanédandos
Durungkramanédèrèng
Dadikramanédados
Dudukramanédédé
Désakramanédhusun
Dawakramanépanjang
Duwékramanégadhah
Dalankramanémargi
Dluwangkramanédlancang
Dêlêngkramanétingal
Didêlêngkramanédipun-tingali
Diyankramanédilah
Dugakramanédugi







Énakkramanééca
Étungkramanéétang
Ésukkramanéénjing
Éwuhkramanéèwêd
Élingkramanéémut






Gênikramanélatu
Gêntikramanégêntos
Gênêpkramanéjangkêp
Gunêmkramanéginêm
Gunungkramanérêdi
Gorohkramanédora
Gêtihkramanéêrah
Gawakramanébêkta
Gawékramanédamêl
Gulakramanégêndhis
Golèkkramanépados
Gêliskramanéénggal
Gêlêmkramanépurun
Gadhékramanégantos
Gêdhékramanéagêng
Gêdhangkramanépisang
Godhongkramanéron
Gajahkramanéliman
Guyukramanégujêng
Gamankramanédadamêl
Gamêlankramanégangsa
Gampangkramanégampil
Gugukramanégêga
Gêbugkramanégêbag






Inêpkramanésipêng
Irêngkramanécêmêng
Ikikramanépunika
Isihkramanétaksih
Ilangkramanéical
Ijokramanéijêm
Ijolkramanélintu
Iyakramanéinggih
Imbuhkramanéimbêt
Imbukramanéimbêt
Ingukramanéingah







Jarankramanékapal
Jêrokramanélêbêt
Jaritkramanésinjang
Jêrukkramanéjêram
Jatikramanéjatos
Jawakramanéjawi
Jalukramanéjambêt
Jalukkramanétêdha
Jupukkramanépêndhêt
Jajalkramanécobi
Jamukramanéjampi
Jambukramanéjambêt
Jambékramanéwohan
Jagakramanéjagi
Jagokramanésawung
Jabakramanéjawi






Kaékramanépunika
Kanakramanéngrika
Kênakramanékènging
Kunakramanékina
Kénékramanéngriki
Konokramanéngriku
Kantikramanékantos
Kandhakramanécarios
Kuningkramanéjêné
Kacèkkramanékaot
Karikramanékantun
Kirakramanékintên
Kurukramanékêra
Korikramanékontên
Kêriskramanédhuwung
Krasankramanékraos
Karuwankramanékantênan
Karêpkramanékajêng
Kêrêpkramanéasring
Kirimkramanékintu
Krambilkramanéklapa
Kurangkramanékirang
Kakukramanékakên
Kukuhkramanékêkah
Kudukramanékêdah
Kêdugakramanékêdugi
Katonkramanékatingal
Kêtankramanékêtos
Kêtarakramanékêtingal
Kêsusukramanékasêsa
Kowékramanésampéyan
Kuwatkramanékiyat
Kuwatirkramanékuwatos
Kuwasakramanékuwaos
Kwalikramanékwangsul
Kalikramanélèpèn
Kulonkramanékilèn
Kêlarkramanékuwawi
Kulakkramanékilak
Klasakramanégêlaran
Klumpukkramanéklêmpak
Klambikramanérasukan
Kapankramanébenjing punapa
Kêpénakkramanésêkéca
Kêponakankramanékêpénakan
Kêpriyékramanékados pundi
Kêpungkramanékêpang
Kayakramanékados
Kayukramanékajêng
Kumatkramanékimat
Kêmirikramanédhérékan
Kumpulkramanékêmpal
Kêmbangkramanésêkar
Kêbokramanémaésa
Kabèhkramanésêdaya
Kuthakramanékitha
Kangkramanéingkang
Kongkonkramanékèngkèn





Larakramanésakit
Lorkramanélèr
Lirukramanélintu
Lorokramanékalih
Larakramanésakit
Lèrènkramanékèndêl
Larangkramanéawis
Lakukramanélampah
Ladikramanélados
Ladingkramanélading/marisan
Lastarikramanélastantun
Lawékramanébênang
Luwihkramanélangkung
Lawaskramanélami
Lawangkramanékori/kontên
Lalikramanékesupèn
Luputkramanélêpat
Liyakramanésanès
Layangkramanéserat
Lêmukramanélêma
Limakramanégangsal
Lêmahkramanésiti
Lêmarikramanélêmantun
Lumrahkramanélimrah
Lêmbutkramanélêmbat
Lagikramanésawêg
Lêbukramanélêbêt
Malêbukramanémalêbêt
Labuhkramanélabêt
Lêngakramanélisah
Lungakramanékésah
Lungguhkramanélinggih.






Manèhkramanémalih
Manukkramanépêksi
Manawakramanémanawi
Mênjangankramanésangsam
Mundhakkramanémindhak
Macankramanésima
Marikramanémantun
Morikramanémori/montên
Murahkramanémirah
Marangkramanédhatêng
Matakramanémripat
Mêtêngkramanéwawrat
Mawakramanémawi
Mèlukramanétumut
Mulakramanémila
Malayukramanémalajêng
Malamkramanélilin
Madukramanémabên
Malingkramanépandung
Mênyangkramanédhateng
Mugakramanémugi
Mungkramanénamung
Mêngkokramanémangké
Mangkanakramanémakatên
Mangkénékramanémakatên
Mangkonokramanémakatên
Mungsuhkramanémêngsah
Mungguhkramanémênggah





Nagarakramanénagari
Nêmukramanémanggih
Nandurkramanénanêm
Nganggokramanénganggé
Nganyangkramanéngawis
Narikramanénaros
Nunggukramanénêngga
Nulikramanénuntên






Orakramanébotên
Oowahkramanééwah
Omahkramanégriya
Olèhkramanéangsal
Opahkramanéépah
Obahkramanéébah
Obongkramanébêsmi






Paidokramanépaibên
Panaskramanébêntèr
Panahkramanéjêmparing
Pandhapakramanépandhapi
Pêndhokkramanépêndhok/kandêlan
Pênjalinkramanépênjatos
Parikramanépantun
Parokramanépalih
Pirakramanépintên
Praukramanébaita
Pihatinkramanéprihatos
Parankramanépurug
Prénékramanépriki
Pirantikramanépirantos
Prakarakramanéprakawis
Pradakramanépraos
Priyayikramanépriyantun
Prayogakramanéprayogi
Pakankramanétêdha
Pringkramanébambu/dêling
Pakonkramanépakèn
Pikulkramanérêmbat
Padukramanépabên
Patikramanépêjah/patos
Ora patikramanébotên patos
Ora matikramanébotên pêjah
Putihkramanépêthak
Pitikkramanéayam
Pitakonkramanépitakèn
Pitayakramanépitados
Pasakramanésiyam
Pasarkramanépêkên
Puluhkramanédasa
Sapuluhkramanésadasa
Playukramanéplajêng
Palangkramanépambêng
Papatkramanésakawan
Padhakramanésami
Payukramanépajêng
Payungkramanésongsong
Pomahkramanépémah
Pambarêpkramanépambajêng
Pangankramanétêdha
Pungkurkramanépêngkêr





Rinakramanérintên
Runtuhkramanérêntah
Rekasakramanérêkaos
Radakramanéradi
Ratakramanéradin
Rasakramanéraos
Rusuhkramanérêsah
Rusakkramanérisak
Réwangkramanéréncang
Rupakramanérupi
Rumatkramanérimat
Rêmbugkramanérêmbag
Rêgakramanérêgi
Rubuhkramanérêbah
Rêbutkramanérêbat
Rungukramanépirêng






Sikramanépun
Si kidangkramanépun kidang
Sêrukramanésora
Sorékramanésontên
Suruhkramanésêdhah
Srantakramanésrantos
Sratikramanésratos
Sarwakramanésarwi
Surupkramanésêrap
Srêngéngékramanésurya
Sokkramanéasring
Sakakramanésaking
Sikilkramanésuku
Sukêtkramanérumput
Sidakramanésaèstu/têmtu
Sadulurkramanésadhèrèk
Sasikramanéwulan
Sésukkramanébénjing
Suwékramanédangu
Sawahkramanésabin
Samana,
saméné,
samono
kramanésêmantên
Swarakramanéswantên
Swargakramanéswargi
Suwengkramanésêngkang
Salahkramanélêpat
Silihkramanésambut
Salinkramanésantun
Salawékramanésalangkung
Slamêtkramanéwilujêng
Sapakramanésintên
Sapikramanélêmbu
Sêpikramanésêpên
Supayakramanésupados
Sadhélakramanésakêdhap
Sêdhêngkramanécêkap
Sijikramanésatunggal
Séjékramanésanès
Sayogakramanésayogi
Sêmayakramanésêmados
Samubarangkramanésamukawis
Sambungkramanésambêt
Sêgakramanésêkul
Saguhkramanésagah
Suguhkramanésêgah
Sagarakramanésagantên
Sébakramanésowan
Sathithikkramanésakêdhik
Singkramanéingkang
Sungukramanésingat
Sanggakramanésanggi





Tandurkramanétanêm
Taukramanénaté
Tahikramanéténja
Turukramanétilêm
Turahkramanétirah
Trimakramanétrimah
Têkakramanédhatêng
Tukukramanétumbas
Takonkramanétakèn
Têkankramanédumugi
Tuduhkramanétêdah
Tutuhkramanétêtah
Tuturkramanécariyos
Tutugkramanédumugi
Tawakramanétawi
Tuwakramanésêpuh
Talikramanétangsul
Tumulikramanétumuntên
Têlukramanétiga
Tilikkramanétuwi
Tlatènkramanétlatos
Tuliskramanésêrat
Têpungkramanétêpang
Têmukramanépanggih
Tampakramanétampi
Têmpuhkramanétêmpah
Tambakramanéjampi
Tumbakkramanéwaos
Têmbakokramanésata
Têmbagakramanétêmbagi
Têmbangkramanésêkar
Tibakramanédhawah
Têbukramanérosan
Tunggukramanétêngga
Tinggalkramanétilar
Tunggalkramanétunggil
Tanggungkramanétanggêl
Tunggangkramanétumpak





Unikramanéungêl
Undhakkramanéindhak
Uripkramanégêsang
Udankramanéjawah
Utawakramanéutawi
Upamakramanéupami
Utangkramanényambut
Uwiskramanésampun
Unggahkramanéinggah
Ulakramanésawêr
Ulihkramanéantuk
Uyahkramanésarêm
Ugakramanéugi






Wanikramanéwani/purun
Wantikramanéwantos
Wêruhkramanésumêrêp
Warnakramanéwarni
Wartakramanéwartos
Waratakramanéwaradin
Waraskramanésaras
Wêktukramanéwêkdal
Watarakramanéwatawis
Wilangkramanéwical
Wayangkramanéringgit
Wêngikramanédalu
Warêgkramanétuwuk
Warungkramanéwandé
Wurungkramanésandé
Wêkaskramanéwêling
Wadikramanéwados
Wêdikramanéajrih
Wadonkramanéèstri
Watukramanéséla
Wutuhkramanéwêtah
Wêsikramanétosan
Wuwuhkramanéwéwah
Walulangkramanéwacucal
Wedhuskramanéméndha
Wayahkramanéwanci
Wongkramanétiyang
Wulangkramanéwucal.



                       --- wjg ---


-----> ana candhaké TEMBUNG NGOKO
        KAJARWA KRAMA INGGIL III. 18

Sunday, November 24, 2019

III. No. 12. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA KÊDHATON )

Ilustrasi. Photo Copyright Panawung Krida website Warung Jawa Gaul Ki Soêtiadi Sêtjådihardjå.


Unggah-Ungguhing Basa 12 :


Basa Kêdhaton ( Basa Bagongan ) :

--- Basa Kêdhaton iku basané para santana lan abdining ratu, yèn padha caturan ana ngarsané Ratu, utawa ana ngarsané para Pangéran, utawa caturan ana ing sajroning cêpuri Kêdhaton.


--- Déné titikané yaiku :

1. Wujudé têmbung krama kacampuran
    têmbung basa kêdhaton, tanpa têmbung
    krama inggil kang tumrap marang
    madyama purusa.


2. Tumrap têmbung-têmbung :

2.1Akumanira
2.2Kowépakênira
2.3Atêr-atêr dakmanira
2.4Atêr-atêr kopakênira
2.5Atêr-atêr dipanggah
2.6Panambang kukula
2.7Panambang mudalêm
2.8Panambang épanggah
2.9Panambang aképanggah.



--- Têmbung-têmbung kadhaton sawêtara :

1Punapapunapi
2Ikipuniki
3Ikupuniku
4Oraboya (mboya)
5Inggihénggéh
6Baébêsaos
7Anawèntên.


--- Sarèhning ing Jawa Têngah iki mung ana kadhaton loro cacahé yaiku ing Surakarta sarta Ngayojakarta, dadi basa kadhaton iku sing ana ya mung Kraton Surakarta Hadingrat lan Kraton Ngayojakarta Hadiningrat, kuwi baé wujudé akèh bédané.


--- Tuladha gunêm :

1. Paman Patih, pakênira manira timbali
    wèntên ngarsa manira.

2. Punapi para prajurit boya wèntên
    ingkang nglirwakakên dhawuh manira.

3. Dhuh Sinuhun sêsêmbahan sadaya para
    kawula. Kados sadaya boya wèntên
    ingkang nglirwakakên dhawuh dalêm.

4. Jêngandika Paman Patih, kêdah sagêd
    dados sêsêpuhing nagari.

5. Énggéh sêndika Sinuhun.


--- Tuladha sawêtara basa kadhaton ing Surakarta pêthikan saka layang basa Jawa  karangané Ki Patmasusastra ing Surakarta .



KÊDHATON SURAKARTA :

--- Mbah Gaul : " Kala punapi olih jêngandika ndêdêgi panggihing pangantèn ing Wirapatèn ? "

--- Mbah Jawa : " Kala wingi "

--- Mbah Gaul : " Caranipun punapi mêksih kadi kina, wanci tabêh nêm panggih, punapi cara sapuniki, nganti wanci tabèh sanga sawêg panggih ? "

--- Mbah Jawa : " Mêksih cara kina, tabèh nêm panggih ".

--- Mbah Gaul : " Dhaharipun kadi pundi, pista punapi larihan ? "

--- Mbah Jawa : " Mêksih cara kina, dhahar pista, ola-olahan Jawi lumados asrêp, énggéh kirang éca, kula kirang séta ".


KÊDHATON NGAYOGYAKARTA :

--- Mbah Gaul : " Kala punapi anggèn pakênira nungkuli panggihé pangantèn ing Wirapatèn ? "

--- Mbah Jawa : " Kala wingi ".

--- Mbah Gaul : " Carané punapi taksih kados kina wanci jam ênêm panggih, punapi cara sapuniki, ngantos wanci jam sanga sawêg panggih ? "

--- Mbah Jawa : " Taksih cara kina, jam ênêm panggih."

--- Mbah Gaul : " Anggèné nêdha kados pundi, pista punapi larihan ?"

--- Mbah Jawa : " Taksih cara kina, anggèné nêdha pista, olah-olahan Jawi lumados asrêp  énggéh kirang éca, manira kirang doyan ."


                       --- wjg ---


----> ana candhaké  BAB KRAMA MADYA
        KAJARWA BASA INDONÉSIA  III. 13.



III. No. 11. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA KRAMA DÉSA )




Unggah-Ungguhing Basa 11 :


Basa Krama Désa :

 --- Basa Krama Désa iku têmbungé krama kacampuran têmbung-têmbung Krama Désa.

--- Basa Krama Désa iku dudu wêwilangané basa kang alus, ya mung lumrahé wong-wong padésan sing kurang pangêrtèn babagan  sastra.

---  Amarga racaké têmbung wis dadi têmbung krama, nanging sawênè isih dikramakaké manèh, mung bêtèké kumudu-kudu olehé arêp ngajèni.

--- Nganti têkan jênênging panggonan sarta araning barang uga dikramakaké.

Kayata :

--- Têmbung araning kutha :

1SêmarangSêmawis
2BanyumasToyajêné
3TêmanggungTêmanggêl
4SalatigaSalatigên
5KêndhalGajihan
6BayalaliBajulkêsupèn
7KaliangêtLèpènangêt
8Surèn GêdhéSêgawon kèndêl agêng.
9WanasabaWanasowan, lsp.


--- Têmbung aran liyané kayata :

1KêdhêléKêdhangsul
2KwaliKwangsul
3MoriMontên
4TuwaSêpah
5WêdiWêdos
6RatanRadosan
7DurènAmbêtan
8ManggisPijêtan
9DhuwitYatra
10SêgéloSêgèntên, lsp.


--- Nanging wêktu saiki têmbung-tembung kasêbut wis arang kêprungu.


--- Déné titikan liyané yaiku :

1Akukula
2Kowésampéyan
3Atêr-atêr dakkula
4Atêr-atêr kosampéyan
5Atêr-atêr didipun
6Panambang kukula
7Panambang musampéyan
8Panambang éipun
9Panambang akéakên.



--- Tuladha gunêm :

1. Kula nêmbé késah pados sindhutan 
    dhatêng Sêmawis. ---> 
     --- sindhutan = pêté
     --- Sêmawis  = Sêmarang.

2. Griyanipun marasêpah sampéyan rak
     wontên Bajulkêsupèn ta ? --->
     ( Bajulkêsupèn = Bayalali ).

3. Ambêtan punika sagluntung botên
    angsal kalih dasa pérak. ---> 
    ( Ambêtan = durèn ).

4. Kula botên siyos tumbas pijêtanipun,
    Bapak botên angsal. ---> 
   ( pijêtan = manggis ).

5. Mênawi badhé ajar numpak sêpédha
    ampun wontên radosan, bilih ngganggu
    kêndharaan sanès. --->
    ( radosan = ratan ).

6. Adhi sampéyan wêdos kalih kucing
    nggih ? ---> ( wêdos = wêdi = ajrih ).


                         --- wjg ---

-----> ana candhaké BASA KÊDHATON
         III. 12. 


III. No. 10. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA KRAMA INGGIL )




Unggah-Ungguhing Basa 10 :


Basa Krama Inggil :

--- Basa Krama Inggil iku, têmbung-têmbungé krama kabèh kacampuran Krama Inggil tumrap marang wong kang diajak gunêman.


--- Titikané têmbung-têmbung :

1Akukawula, abdi dalêm kawula, dalêm
2Kowépanjênêngan dalêm, nandalêm, sampéyan dalêm (kanggo marang Ratu).
3Atêr-atêr dakkawula, adalêm
4Atêr-atêr kopanjênêngan dalêm
5Atêr-atêr didipun
6Panambang kukawula, abdi dalêm kawula, adalêm
7Panambang mudalêm
8Panambang éipun
9Panambang akéakên



--- Katrangan panganggoné : 

1. Gunêmé priyayi cilik marang priyayi 
    gêdhé.

2. Gunêmé priyayi ênom marang priyayi
    sêpuh (tuwa).

3. Umumé kanggo gunêm kulawarga
    Kraton.


--- Tuladha gunêm :

1. Nyuwun duka Gusti, kala wingi abdi
    dalêm botên sagêd sowan ndhèrèkakên
    tindak dalêm, awit anak adalêm sawêg
    sakit.

2. Mênawi bénjang-êmbèn inggih sêndika,
    adalêm ndhèrèk dhawuh dalêm.

--- Ing masyarakat wêktu saiki basa iki wis arang kêprungu.
Kang umumé dianggo gunêm yaiku Basa Mudha Krama utawa Basa Krama Alus.


                       --- wjg ---


 -----> ana candhaké BASA KRAMA DÉSA
         III. 11.


III. No. 9 UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA WRÊDHA KRAMA )





Unggah-Ungguhing Basa 9 :

Basa Wrêdha Krama :

--- Basa Wrêdha Krama iku wujudé utawa titikané :

1. Têmbung-têmbungé krama kabèh, ora 
     kacampuran krama inggil.

2. Tumrap têmbung-têmbung :

Aku Kula
Kowé Sampéyan
Atêr-atêr dak Kula
Atêr-atêr ko Sampéyan
Atêr-atêr di panggah (ora owah)
Panambang é panggah (ora owah)
Panambang aké panggah (ora owah)
Panambang ku Kula
Panambang mu Sampéyan


--- Basa Wrêdha Krama iku kanggo caturan/gunêm wong tuwa marang wong ênom, utawa wong kang drajaté luwih dhuwur marang wong kang drajaté luwih êndhèp.

Nanging ing wêktu saiki wis arang kanggo, umumé sênadyan wong tuwa/drajaté luwih dhuwur têtêp ngajèni/ngrêgani karo sing diajak gunêm.

Mula sing dianggo gunêm Basa Mudha Krama utawa Krama Alus ( No. 8 ).

--- Tuladha gunêm :

1. Kados pundi kabaré Nak, rêmbag bab
    anggèné badhé tumbas siti ?

2. Mênawi dèrèng pikantuk, gadhahan kula
    kémawon sampéyan tumbas.

3. Bab rêginé kula mirahaké kémawon.

4. Supados katingal padhang, saéné
    dilabur pagêré.

5. Inggilé punapa sampun wontên satus
    sêwidak sènti, kok kêpèngin mlêbêt 
    ABRI.

  
                      --- wjg ---


----> ana candhaké  BASA KRAMA INGGIL
        III. 10. 

Saturday, November 23, 2019

III. No. 8. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA MUDHA KRAMA )



Unggah-Ungguhing Basa 8 :


Basa Mudha Krama ( Krama Alus ) :

--- Basa Mudha Krama iku kawêntaring ucap padha karo KRAMA ALUS, yaiku sarupaning basa kang paling luwês dhéwé.
Ora ana alane kanggo gunêm marang sadhéngah wong, mula diarani Krama Alus.

Sapa baé bisa nganggo.

Upamané :

1. Wong ênom marang wong tuwa.
2. Murid marang Guruné.
3. Kanca marang kanca kang durung pati
    kulina srawungané.

--- Basa Mudha Krama iku wujudé : têmbungé krama kabèh kacampuran krama inggil tumrap wong kang diajak gunêm.


--- Titikané Basa Mudha Krama :

1 Aku Kula
2 Kowé panjênêngan
3 Atêr-atêr dak kula
4 Atêr-atêr ko panjênêngan
5 Atêr-atêr di dipun
6 Panambang ku kula
7 Panamabang mu panjênêngan
8 Panambang é ipun
9 Panambang aké akên


--- Tuladha Gunêm Basa Mudha Krama :

1. Bapak, punika wontên tamu saking
    Ngayogyakarta.

2. Pak Guru tindak rapat nitih mobil, 
    punapa nitih Hondha ?

3. Sumangga mênawi badhé ngagêm
    gadhahan kula.

4. Lo Mas, punapa panjênêngan dèrèng
    midhangêt kabar, mênawi Mbah Sura
    sampun séda kala nêmbé ?

5. Kula badhé ngaturakên kagunganipun
    agêman jas ingkang nêmbé kula ampil        kala wingi.



                       --- wjg ---

---->  ana candhaké  BASA WRÊDHA
        KRAMA III. 8

III. No. 7. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA KRAMANTARA )



Unggah-Ungguhing Basa 7 :


Basa Kramantara :

--- Basa Kramantara utawa " Krama Lugu ".

--- Déné titikané Basa Kramantara yaiku : 

1. Kabèh têmbung migunakaké têmbung
    krama, tanpa kacampuran krama inggil.


2. Tumrap têmbung-têmbung :

Aku Kula
Kowé Sampéyan
Atêr-atêr dak Kula
Atêr-atêr ko Sampéyan
Atêr-atêr di Kula
Panambang ku Kula
Panambang mu Sampéyan
Panambang é ipun
Panambang aké akên


Katrangan Bab Panganggoné :

1. Gunêmé wong kang sapadhané, salah
    sijiné mênang/dhuwur dêrajaté.

2. Gunêmé bocah padha bocah/kancané.

3. Cak-cakané ana ing basa tulis, utawa  
    ing crita andharan.

Ana ing pagunêman, arang-arang kanggoné.


Tuladha gunêm :

1. Sampéyan punapa sampun rampung
    padamêlanipun ?

2. Manawi sampéyan suka, kula badhé
    nyambut gadhahan sampéyan sêpédha
    motor.

3. Wadhuh, gadhahan kula sawêg risak,
    banipun nggêmbos.

4. Sampéyan punapa tumut rapat RT wau
    dalu ?

5. Griya kula kosong, sêdaya sami
    késahan.


                          --- wjg ---


----> ana candhaké BASA MUDHA KRAMA
        III. 8.