.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Atur Purwaka

--- Nuwun kawula nuwun !
Sanggya sutresna WJG ingkang sanget kinasih dahat sinudarsana.
Salam tabé aliman tabé mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik.
--- Minangka purwakaning atur, kawula ngraos prihatos kaliyan anak, putu, sarta buyut kula piyambak babagan Seni sarta Budaya ingkang adi-luhung punika, kathah ingkang sampun wuta ing angger-anggeripun.
--- Mila tan mokal laku unggah-ungguh, seni sarta budaya ingkang adi-luhung kasingkur dening para anak, putu, sarta buyut.
--- Kanthi kawontenan punika WJG nedya damel sesuluh minangka paugeran ing pangajap, sageda dados angger-angger tumrap ingkang kasdu nyinaoni, sarana kawula simpen wonten blog WJG.
--- Yektosipun taksih tebih saking saking sampurnanipun tumrap priyantun ingkang bontos ing kawruh babagan Seni Sarta Budaya.
Nanging sendyanta kirang sampurna ingkang sinerat wonten blog, ibaratipun tan manggih obor ingkang padhang, mawi sunaring lilin saged nyingkur saking swasana peteng.
--- Wasananing atur menawi wonten bab ingkang kirang damel rena ing panggalih, kawula mawantu-wantu anyenyadhong sih rumentahing gung samodra pangaksama.
--- Salam WJG rahayu...rahayu...rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun.

Friday, June 7, 2024

III. No. 3. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA NGOKO ANDHAP )




Unggah-Ungguhing Basa 3 :

Basa Ngoko Andhap :

--- Basa Ngoko Andhap iku kabédakaké dadi rong golongan yaiku :

1. Ngoko Antya Basa.
2. Ngoko Andhap Basa Antya.

--- Wondéné sing kêrêp kanggo yaiku Ngoko Antya Basa.

--- Déné Ngoko Andhap Basa Antya wis ora lumrah kanggo, malah kêna diarani wis mati babar pisan.  
Ya mung minangka sêsurupan baé, mêngko bakal katêrangaké ringkêsané baé.

Katrangan Bab Pênganggoné :

1. Kanggo gunêm karo sapa baé kang
    sêsrawungané wis rakêt bangêt, 
    nanging isih padha déné ajèn-ingajènan.

2. Kanggo gunêm wong wadon marang 
    kakungé ( bojoné ).


--- Titikané Basa Ngoko Andhap Antya Basa yaiku :

1. Têmbung-têmbungé ngoko kacampuran
     têmbung krama inggil, tumrap wong
     kang diajak gunêm, mratélakaké
     anggoné ngajèni ( ngrêgani ).

2. Têmbung-têmbung kayata :

 Aku  panggah (ajêg ora   owah)
 Kowé  tumrap wong kang   kaprênah tuwa, disalini   panjênêngan
 Kowé  tumrap kang kapêrnah   ênom, disalini sliramu   utawa kêngslira
 Atêr-atêr dak  Kula
 Atêr-atêr ko  panggah (ajêg ora   owah)
 Atêr-atêr di  panggah (ajêg ora   owah)
 Panambang é  panggah (ajêg ora   owah)
 Panambang aké  panggah (ajêg ora   owah)
 Panambang ku  panggah (ajêg ora   owah)
 Panambang mu  panggah (ajêg ora   owah)


--- Tuladha :

1. Mau bêngi sliramu apa tindak kumpulan
     RT ?

2. Mas Prapta, panjênêngan apa wis
    mundhut bagéané ?

3. Pak, dak aturi dhahar sik, kaé wis dak
     tata.

4. Kuwi agêmané kok pating clonèh, gupak
    apa ta Pak ?

5. Nèk panjênêngan arêp mriksani, aku di
    dhawuhi ndhèrèk ya gêlêm.


--- Titikane Basa Ngoko Andhap Basa
      Antya yaiku : 

1. Têmbung-têmbungé ngoko kacampuran
     têmbung krama lan krama inggil.

2. Atêr-atêr ; dak, ko, di, panggah
    ( ora owah ).

3. Panambang ; ku, mu, é, aké, panggah
    ( ora owah ).

4. Têmbung kowé ; disalini
     sliramu/kêngslira.


--- Tuladha :

1. Jaré saèstu mriksani, saiki lagi tindak
     ngêndi ?

2. Gèk lampahé baé apa ya Mas, kok
     gamêlané sadalu natas ngungkung baé.

3. Aku dhéwé ya nampa ulêman, ning ora
    mangkat, jalaran ora ana sing têngga
    griya.


                          --- wjg ---

---> ana candhaké : BASA MADYA NGOKO
      III. 4.BASA