--- Nuwun kawula nuwun ! Sanggya sutresna WJG ingkang sanget kinasih dahat sinudarsana. Salam tabé aliman tabé mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik. --- Minangka purwakaning atur, kawula ngraos prihatos kaliyan anak, putu, sarta buyut kula piyambak babagan Seni sarta Budaya ingkang adi-luhung punika, kathah ingkang sampun wuta ing angger-anggeripun. --- Mila tan mokal laku unggah-ungguh, seni sarta budaya ingkang adi-luhung kasingkur dening para anak, putu, sarta buyut. --- Kanthi kawontenan punika WJG nedya damel sesuluh minangka paugeran ing pangajap, sageda dados angger-angger tumrap ingkang kasdu nyinaoni, sarana kawula simpen wonten blog WJG. --- Yektosipun taksih tebih saking saking sampurnanipun tumrap priyantun ingkang bontos ing kawruh babagan Seni Sarta Budaya. Nanging sendyanta kirang sampurna ingkang sinerat wonten blog, ibaratipun tan manggih obor ingkang padhang, mawi sunaring lilin saged nyingkur saking swasana peteng. --- Wasananing atur menawi wonten bab ingkang kirang damel rena ing panggalih, kawula mawantu-wantu anyenyadhong sih rumentahing gung samodra pangaksama. --- Salam WJG rahayu...rahayu...rahayu ingkang samya pinanggih. Nuwun.